Mohon tunggu...
Hanik syaadah
Hanik syaadah Mohon Tunggu... Mahasiswa - penulis

i'm just normal human and want to be happy

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Drama Bahasa Jawa "Artine kanca Sing Asli (Sapa Salah Bakal Seleh)"

13 November 2021   23:10 Diperbarui: 13 November 2021   23:11 937
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

ARTINE KANCA SING ASLI (Sapa Salah Bakal Seleh)

 BABAK 1

Dina Minggu, Raka lan Rizal mara ing sekolah kanggo latihan Footsal. Jebulle, ora ana wong nek kana.

Rizal               : Woy, gak ana guru. Piye iki?

Raka               : Ya terus piye meneh? muleh?

Rizal               :  moh ah!Aku wis isi bensin larang-larang, mara sekolah adoh-adoh, terus, balek meneh?moh, ah!

Raka               :  Ahahaha kakean alasan kowe, ngomong wae  nek ameh dolan? (ngepruk pundak rizal) ora usah mbodoni.

Rizal               : Ahhahaa ngono ngerti?

Raka               : Ahahaha ya wislah. Ayo dolan?

Rizal               : (ngguyu) bener ya! (ngacungno jempol) aku seneng ide iku! ahahhaa

Raka               : aku ngana? Wis pinter, mbarik meneh!

Rizal               : (ngepruk pundak Raka) pintere kadhang-kadhang nek goblok keterusen! (ngguyu)

Raka               : (balek ngepruk pundak Rizal) loh ya ngana!

Rizal               : (ngelus pundake dewe) ya wis saiki piye?ameh nek endi ! Bosen aku!

Raka               : (ngepruk Rizal) aneh, ya dolan lah!

Rizal               : (ngamuk) ya dolan apa?(ngelus pundake dewe) kowe ket mau ngepruki aku! lara!

Raka               : (ngguyu) sepurane. Ya wis saiki piye?

Rizal               : (ngenyek) ya leh? laline kumat.

Raka               : (nggaruk sirah) ehmm (nunjuk ing salah sijine panggon) piye nek mrana? Aku ameh ndelok-ndelok

Rizal               : aneh, koyok gak tau mrana ae.

Raka               : ah! berisik! Ayo!

Rizal               : ya!

BABAK 2

Rizal lan Raka langsung mlayu  ing panggonan sing dimaksud iku . Jebule, ing kana wis ana Rara, Aldi, Rere lan Pak Riski. Bocah loro kuwi langsung ngampiri guru lan kancane kuwi.

Rizal               : (mbengok) Halooowww...! Kowe padha ngapa?
Aldi                 : (mlengok marang Rizal lan Raka) eh,kowe? Ngapa ning kene?

Rara               : aduh aduh Aldi!  Rizal takon malah mbalik takon. (geleng-geleng) is is is..

Aldi                 : (ngguyu)

Raka               : (nggeret lengene Rizal) woi Zal! Salim marang Pak Riski! Pak.

(Raka lan Rizal langsung salim marang Pak Riski)

Pak Riski       : (geleng-geleng) kowe iki, ana gurune kok gak salim? Gak sopan!

Rizal               : (ngguyu) nyuwun ngapunten Pak! Kula mboten ngertos Pak, amerga Pak Riski mboten ketingal! (ngguyu)

Pak Riski       : (njewer kupinge Rizal) rumangsane kuwe wis dhuwur ya Rizal? Sak centi wae durung ana!

Raka               :Rizal nggeh ngaten Pak, rumangsane awake dhuwur. . (ngguyu)

Rara               : (bingung) yen Rizal dhuwure sak centi, kok luwih dhuwur saking kula Pak? Sakjane nggeh sak iwak teri Pak!

Rere               : iku mung saumpamane, Rara!

Rara               : O..oh.

Rere               : Lha terus kowe kabeh mau arep ngapa?

Raka               : aku kabeh iki mau arep latihan futsal, rencanane. Nanging ora ngerti        gurune iki mau ning endi. (sedih)

Rara               : (bingung) yen ora ana ya ilang, nanging ilang ning endi?Yen ilang sakjane mlebu tv lan ana beritane!

Pak Riski       : (njitak Rara) hush! Kok malah nyumpahno!

Rara               : (ngelus sirah) maksud kula mboten nyumpahke Pak. Nanging kula bingung wae Pak. Tiyang ingkang ical sakjane mlebet berita, nggeh paling mboten mlebet Koran Pak? Utawi radio.

Rere               : (mbentak) Rara..! Kuwe iku lho olehem bloon kebangeten, Ra!

Aldi                 : Bloonne ora ketulungan, eee. Raka iku namung guyon.

Rara              : ( bingung ) namung guyon kok gurune bisa ilang temenan? Apa kira-kira Raka bisa sihir?

Rere               : (ngamuk) aduh Rara..ya ora leh!

Raka               :Ya, aku nduwe!  Mengko kowe tak sihir supaya dadi pinter! Ben ora bloon maneh!

Rara               : (gumun) hah? Temenan? Aku gelem! Gelem aku! Aku kan kepengin nduwe  otak kaya AlbertEinstein!

Raka               : Aja mung otake, mengko kuwe tak sihir dadi Albert Einstein menisan!

Rizal               : (ngelus dada) huu..sabar.. sabar

Rara               : (ndeleng Rizal lan bingung) kok ngelus dada? Ngomong sabar, maneh?

Rizal               : iya, sabar.

Rara               : Ben apa?

Rizal               : (ngamuk) ben aku gak njotos kuwe Rara..!

Rara               : (bingung) Kok kowe arep njotos aku? Sakjane aku salah apa?

(kabeh pada ngguyu, kecuali Rizal lan Rara)

Rizal               : (ngamuk) Re..! Kowe kok bisa betah, baturan karo makhluk kaya ngene?

Rere               : (ngguyu) wis biasa, Zal. Iki bocah wanci tellmi tenan.Nanging aku wis biasa. (ngguyu) dadi yen omongan karo dekne imane kudu kuat, ben ora hilaf.

Rizal               : (gremeng) nanging masalahe dekne wis overdosis Re?

Rara               : (kaget) hah? Sapa sing overdosis? Mengko tak tukokno obat..

Rizal               : (ngamuk) Aku gak takon kowe Rara! Imanku durung kuat!

Aldi                 : Namung wong sing sabar sing bisa omongan karo dekne.  

Rara               : (kesal) Sapa sing ngomong? Rere bisa kok?

Aldi                 : Nah, iku sing tak maksud wong sing sabar.

Rara               : (kesal) Ora kok! Kabeh bisa ngomong!

Rere               : (ndukep lambene Rara) luwih apik kowe meneng Ra. Mengko suwe-suwe kowe muleh gak selamet gara-gara dikeroyok.

Rara               : (meneng)

(Rizal lan Raka lega)

Raka               : Nah, kan bocah iki wis meneng, saiki aku arep takon. Kowe arep ngapa?

Aldi                 : Aku diwenehi tugas Pak Riski, aku diutus ngontrol sekolah, kuwatir yen ana apa-apa.

Raka               : (nunjuk Rara) nah, iki bocah kok ana ing kene?

Rere               : (ngacung) Aku sing ngajak. Geneya? Ana dekne kan dadi seru.

Raka               : (ngenyek) seru? Ngregetno ya iya!

Rere               : (ngguyu)

Pak Riski       : Ya wis, Kepriye yen kuwe kabeh melu aku ngontrol sekolah?

Rizal               : (seneng) ah! Ide apik iku!

Raka               : Timbang ora ana gawean.

 

BABAK 3

Bocah-bocah kuwi mau langsung ngontrol sekolah. Jebule ning kana ana Tetta lan Lily sing lagi bingung nggoleki barang.

Aldi                 : Tetta, Lilly? Kowe kok padha ning kene? Ana apa?

Tetta               : (meneng wae lan tetep nggoleki barang)

Lily                  : Dompete Tetta ilang, Al.

Rere               : (kaget) kok bisa? Pira dhuwite?

Lilly                 : (mikir) gak ngerti, pira Ta?

Tetta               : Rongatus seket ewu( 250 ribu)!

Pak Riski       : Kok bisa? Kuwe ndeleo, ya?! Kena ngapa kuwe kok bisa nggawa duwit akihe ngana?

Tetta               : (kuwatir) rencanane kula arep tumbas novel kaliyan Lily, mboten ngertos pas dinten Setu dompet kula ketingal ing laci, Pak.

Rara               : Wis ketemu?

Tetta               : (ngamuk) ya durung, leh! Yen wis ketemu kanggo apa aku ning kene?

Rara               : (meneng)

Tetta               : (nyuwun) Pak tulungi kula Pak? Tulungi kula madosi dompet kula Pak!

Pak Riski       : (bingung) ya wis, Aldi, Rere?

Aldi lan Rere : (bareng) inggih Pak?

Pak Riski       : Sesuk kowe ngrewangi Bapak ngrazia sekolah ya? Priksa kabeh tas ya?

Aldi lan Rere : (bareng) inggih Pak!

Rara               : Nanging Pak yen mbenjang sampun ilang kepripun?Utawi sampun diasta bocah?

Tetta               : (sedih) Kepriye ya?

Pak Riski       : Mesti duwite wis dienggo sing njupuk, Iya gak, Li?

Lilly                 : Inggih. Mosok duwit kathah ngaten taksih? Mesti lajeng ditelaske kangge madoske barang bukti.

Aldi                 : Ya wis. Saiki ayo padha ning kelas wae?

Rara               : Dhuwite?

Rizal               : Ning wc!

Rara               : kok bisa?

Rere               : aduuh Rara! Aja mulai, deh!

 

BABAK 4

Bocah-bocah iku banjur mara ana ing kelas. Ning kelas wis ana Andik, Alif, lan Shinta. Bocah telu iku koyok-koyok ngumpetake barang.

Pak Riski       : (mbengok) Andik! Alif! Shinta! Ngapa kowe ana ing kene? Lan dompete sapa iku?

Andik              : (gugup) anu.. niki dompet kula, Pak.

Tetta               : (nunjuk dompet kuwi)  Niku dompet kula, Pak!

Andik              : (ngamuk) sembarangan kowe! Iki dompetku!

Lily                  : Iku tak dompete Tetta! Balikno!

Alif                  : Apa kowe are! Melok-melokan ae!

Shinta             : (mureng-mureng)  Iyo are!

Alif                  : (melet) huuu! Ngaku-ngaku!

Shinta             : Iyo ek!

Tetta               : (arep nangis) Bener Pak, niku dompet kula, kula mboten mbodoni!

Pak Riski       : (bingung) Andik, gawa rene dompete, Tetta!

Andik              : (mureng-mureng)  Niki mboten dompete Tetta, Pak! Niki dompet kula Pak!

Alif                  : Inggih Pak! Tetta mung ngaku-ngaku!

Shinta             : Iya! Ngaku-ngaku!

Rara               : Cepet gawa mrene dompete!

Shinta            : Alah! Rara! Kuwe iku mbela Tetta ben duwite Tetta sing 250 ning dompet iki dibagi loro karo kuwe aht?

(kabeh pada kaget)

Alif                  : (ngidak sikile Shinta) Kuwe iku!

Tetta               : (mureng-mureng)  Nggih leh Pak! Niku dompet kula!

 

Andik                          : Aku njaluk ngapura yo, Ta?

Tetta                           : (meneng)

Lilly                             : Ta, maafno lah, Ta!

Tetta                           : Ya wis. Ning aja baleni neh!

Andik, Alif, Sinta       : (bareng) iya!

Akhire maling iku ditemokke. Sawise kedadeyan iku, Andik, Alif lan Shinta dadi bocah sing apik, lan bocah kuwi ora musuhan maneh. Rara dadi akrab karo Andik sing mulane musuhan. Pesen moral sing kajupuk saka sandiwara kuwi yaiku aja dadi bocah kang njupuk barang sing kari sing kowe wis ngerti sing nduwe sapa amerga bisa wae barang iku lagi digolekki sing nduwe lan sing nduwe iku lagi butuh, mending yen kowe ngerti barang sing kari sing kuwe wis ngerti sapa sing nduwe ing sembarang papan panggonan luwih apik yen mbok wenehno guru utawa wong sing berwajib utawa langsung mbok wenehno sing nduwe barang kuwi.

TAMAT

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun