Tradisi Jawa nduweni makna lan filosofi sing jero. Salah sijine yaiku Tedhak Siten, upacara turun tanah kang biasane dilakoni nalika bayi wis umur pitung wulan luwih, minangka pralambang wiwite bocah nyandhak donya nyata. Ing jaman modern saiki, tradisi iki saya arang dilakoni, nanging isih dadi bagian penting saka warisan budaya Jawa.
Nalika perkuliahan mata kuliah Bahasa Daerah, aku lan kanca-kanca PGSD 2024-H padha oleh tugas kanggo nindakak praktik tradisi Tedhak Siten. Kegiatan iki dadi pengalaman sing ora mung nyenengake nanging uga nyentuh ati. Awale, dosen maringi penjelasan ringkes bab makna lan tata cara upacara iki. Sabanjure, kelompokku nindakake simulasi: ana sing dadi wong tuwa, ana sing dadi bayi, ana uga sing nyiapake sesaji kaya tumpeng, jadah, lan pitik panggang.
Suasana kelas mendadak owah dadi kaya omah-omah Jawa tempo biyen. Musik gending alus diputer, lan saben wong ndeleng prosesi kanthi antusias. Nalika bayi "turun" saka pangkuan menyang tampah isi pari, kabeh padha mesem, ora mung amarga lucu, nanging amarga sadar yen saben langkah ing ritual iki ngandhut makna: nglambangake pangarep-arep supaya bocah dadi pribadi sing tangguh lan mandiri.
Saka praktik iki, aku sinau yen kabudayan Jawa ora mung kanggo dirungokake utawa dipelajari saka buku, nanging kudu dipraktikake lan dirasakake. Ana nilai-nilai luhur sing bisa dadi piwulang urip: rasa syukur marang Gusti, tresna marang anak, lan gotong royong antar kulawarga.
Ing pungkasan kegiatan, dosen ngajak diskusi reflektif. Aku ngerti yen pelestarian budaya ora mung tugase wong tuwa utawa budayawan, nanging uga tanggung jawabe generasi muda kaya aku. Kanthi melu nyinaoni lan nindakake praktik budaya Jawa, aku krasa luwih cedhak karo jati diriku minangka wong Jawa.
Tradisi Tedhak Siten ora mung seremoni turun tanah, nanging uga undhakan kanggo nguri-uri kabudayan. Saka kelas iki, aku ora mung sinau basa, nanging uga sinau urip, yen saben langkah cilik bisa dadi awal kanggo tetep nglestarekake warisan leluhur.
Nguri-uri budaya ora kudu nunggu dadi seniman utawa budayawan. Saka ruang kelas wae, generasi enom bisa miwiti kanthi sinau, nguripi, lan nyebarake makna kabudayan Jawa supaya ora ilang kahanan jaman.
Tulisan iki minangka refleksi saka praktik perkuliahan Bahasa Daerah ing Universitas Negeri Surabaya.