Mohon tunggu...
Fatkurrohman Al Jawi
Fatkurrohman Al Jawi Mohon Tunggu... Dosen Bahasa Jawa IAIN Tulungagung Jawa Timur -

Menulis Membangun Peradaban

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Silpasastra

23 Februari 2018   14:16 Diperbarui: 23 Februari 2018   14:23 1231
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

Candi menika bangunan ingkang nggadhahi nilai sejarah inggil, kemajengan teknologi, kecanggihan tiyang rikala jaman semanten saha indikator wontenipun peradaban ingkang inggil. Candi bukti nyata keprigelan lan kewasisan tiyang rikala jaman semanten saha nedahaken bangsa Nusantara menika ahli arsitektur bangunan. Salebeting Candi menika ngandhut makna, nilai, filosofi ingkang agung saha spiritualitas.

Sejarah wontenipun Candi ing Nusantara wonten sambung rapetipun kaliyan mlebetipun bangsa manca wonten ing Nusantara, inggih menika bangsa India. Proses mlebetipun kabudayan India, ingkang dipunsarengi kaliyan agami Hindu lan Buddha, kirang langkung wiwit abad kaping 5 ngrembaka dumugi abad kaping 15. Teori-teori ingkang saged dipunginakaken kangge mangertosi mlebetipun kabudayan India inggih menika, teori Krom kanthi teori Waisya, Mookerje (ahli-India tahun 1992), Moens dan Bosch (ahli-Belanda). Saksanesipun meniko wonten dhata peninggalan sejarah Indonesia kadosta Prasasti Dinoyo (Jawa Timur), Prasasti Porong (Jawa Tengah) (Muslimin, 2012: 64-65).

Mlebetipun kabudayan manca mangaribawi kabudayan-kabudayan ing Nusantara, wontenipun kontak budaya lan kados akulturasi budaya. Ing antawisipun kalih kabudayan kepanggih, wontenipun kontak budaya ngasilaken kabudayan enggal. Candi menika asiling kontak budaya kaliyan kabudayan India, pikantuk daya pangaribawaning kabudayan India. Satemah Candi wiwit saking teknik bangunan, gaya arsitektur, dekorasi, lan sanesipun, kolaborasi gaya arsitektur tradisional megalitik berpadu kaliyan gaya arsitektur India. Pramila wujud Candi kados punden berunduk, sekilas kados watu dipuntumpuk nanging endah, kokoh lan filosofis.

Gaya arsitektur menika rikala Islam ngrembaka dipunrembakaken kaliyan para Walisanga dipunadopsi, dipundadosaken media dakwah inggih menika nalika ndamel Masjid. Filosofi-filosofi bangunan Candi dipuncakaken wonten  Masjid dipunlarasaken kaliyan ajaran agama Islam mliginipun prekawis Tasawuf. Satemah filosofi bangunan Masjid menika nedahaken makrifatullah. Kanthi cara mekaten Islam saged ngrembaka lan dipuntampi kaliyan masarakat Jawa. Masarakat Jawa rumaos dipunurmati lan dipunuwongaken.

Candi wonten Nusantara nggadhahi karakter mligi Nusantara beda kaliyan wonten ing India amargi sampun dipunlarasaken kaliyan kabudayan Nusantara. Satemah Candi-candi wonten ing Nusantara cacahipun langkung kathah, wujudipun beda-beda lan nggadhahi fungsi maneka warna. Bab menika nedahaken bangsa Nusantara nggadhahi pangadeg-adeg (pendirian atau prinsip), pitados marang dhiri pribadi lan kreatip. Menawi dipunkorelasikan wonten ing sakmenika ngginaken teori amati, tiru lan modofikasi.

Olahan saking menika mujudukan kabudayan enggal ingkang agung lan luhur. Semangat bangsa Nusantara ingkang mekaten ingkang dipungugu, pitados marang pribadi lan kreatip. Kabudayan-kabudayan ingkang mlebet boten dipuntampi kanthi wetah (apa adanya) nanging wonten prosesipun lan dipunlarasaken kaliyan kabudayan bangsa Indonesia.   

Candi miturut Prof. Hj Krom dan Dr. WF Stutterheim, Candi saking tembung Candika Ghra. Candika tegesipun Dewi Maut sakmenika limrah dipunwastani kaliyan Bethari Durga (Durga Sura Mahesa Mardhani). Tembung Grha saking Graha,  Griya utawi Griya tegesipun omah, korelasinipun maneka warni wujud saha fungsi Candi ing antawisipun papan panggenan ibadah, pusat pengajaran agami, papan panggenan nyimpen abu jenazah, papan panggenan pemujaan, patirtan saha gapura. 

Satemah fungsi Candi menika maneka warni, nanging limrahipun magepokan kaliyan agami Hindu lan Buddha. Menawi wonten kamus basa Jawi anggitanipun Poerwodarminto, Candi dipunandharaken watu rerengganing pikubur, omah-omahan watu tinata edi kangge papan persembahyangan. Pangertosan menika nandesaken Candi menika omah keberagaman, ingkang nggadahi multifungsi, multipiguna lan sedaya saged wonten Candi.

Candi dipunbangun kanthi etangan ingkang trep, dipunbangun wonten papan panggenan ingkang strategis, mrihatosaken etangan astronomi lan wonten sarat-saratipun kadosta caket kaliyan sumber taya. Papanipun Candi menika wonten siti sima utawi swatantra inggih menika siti ingkang bebas pajak. Siti sima arti ingkang wiyar boten namung bebas pajak nanging kedah bebas saking prekawis sosial (masalah sosial), kadosta colong jupuk (mencuri), hasta pala (bertengkar atau berkelahi), ngrudopekso (memerkosa), padu (cekcok dengan orang lainatau tentangga), lan sanesipun.

Menawi dipunwawas kanthi permati Candi dipunbangun boten namun dipunbangun, nanging mrihatosaken tatanan masarakat, tatanan keagamaan lan lingkungan. Prekawis-prekawis menika nedahaken daya pangaribawaning Candi menika saged mangaribawani masarakat sakiwa tengenipun Candi. Satemah masarakat sakkiwa tengenipun Candi masarakatipun tertib secara sosial, agama lan lingkungan. Prekawis menika dadosaken kesalehan sosial ing masarakat. Semanten ugi wonten bangunan Masjid, spiritipun kadosdene bangunan Candi. Daya pangaribawaning Masjid saged nata tatanan masarakat sakkiwa tengenipun Masjid.  

Candi dipunbangun boten namung asal dipunbanguan, menapa melih dipunbangun kanthi cara mistis. Asiling maos literatur-literatur ingkang wonten sinaosa taksih winates dudutanipun Candi dipunbangun wonten tuntunanipun. Tuntunan bangun Candi minangka bangunan suci inggih menika wonten kitab Vastusastra utawi Silpasastra. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun