Mohon tunggu...
Dwiki Setiyawan
Dwiki Setiyawan Mohon Tunggu... karyawan swasta -

#Blogger #Solo #Jakarta | Penyuka #Traveling #Sastra & #Politik Indonesia| Penggiat #MediaSosial; #EventOrganizer; #SEO; http://dwikisetiyawan.wordpress.com https://www.facebook.com/dwiki.setiyawan http://twitter.com/dwikis

Selanjutnya

Tutup

Politik

Sugeng Rawuh Barack Obama

9 November 2010   06:06 Diperbarui: 26 Juni 2015   11:45 137
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kabar wigati. Sugeng Rawuh dumateng Barack Obama. Menawi mboten wonten alangan satunggal lan sanesipun, dinten sonten Selasa legi puniko (9/11/2010) Presiden Amerika Serikat Barack Husein Obama ngawontenaken tindak jobo rangkah ing tlatah Jakarta Indonesia. Meniko pisawonan Obama ingkang sawau mboten kedaden, awit saderingipun sampun kaping kalih Obawa mboten marem ing penggalih amargi kahanan sakjroning ndalem Amerika Serikat.

Tamu agung ingkang kinormat saking negari “Lik Sam” (Uncle Sam) niku, salebetipun pisowonan kajadwal pinanggih Presiden Susilo Bambang Yudhoyono kapurih ngrembag hubungan Indonesia-Amerika Serikat supados munpangati kagem loro-loroning negari. Saking pinanggihan kekalihipun, kajangkah woro-woro paseduluran strategis, miwah tambahan nilai dol-dolan, mendem modal lan dum-duman teknologi.

Miturut duto ageng Indonesia kagem tlatah Amerika Serikat Dino Patti Djalal ing Kantor Presiden kolo kapengker (8/11/2010), pisowanan Presiden Barack Obama wonten Indonesia pancen sedelo, awit dinten Rebo pahing Obama mabur dateng Korea Kidul.

Hatta Rajasa, Menteri Koordinator ingkang bawahi ekonomi ugi ngarep-ngarep, pisowanan Barack Obama saget dados koco benggolo hubungan Indonesia lan Amerika Serikat. “Wonten pengarep-arep ingkang ageng kangge nglipetake nilai dol-dolan lan mendem modal kekalih negari. Ugi dum-duman teknologi,” jare Hatta Rajasa ing koran Kompas dinten Selasa (9/10/2010).

Wektu sajroning pisawonan wonten Indonesia, miturut jadwal, bar pinanggih SBY, Barack Obama dipun uri-uri mriksani Masjid Istiqlal, paring pidato wonten Universitas Indonesia, lan ziarah ing Taman Pesarean Pahlawan Kalibata.

***

Katah tiyang gadah penggalih pisowanan Obama saget mumpangati tumraping ekonomi Indonesia. Ananging kulo piyambak pesimis, awit Obama piyambak ing lebet ndalem Amerika Serikat kapentok-pentok ningkataken ekonominipun ingkang keblesek kolo kalih tahun kepengker.

Pratondo ekonomi ingkang dereng pulih puniko, kacermin saking gregetanipun rakyat Amerika wonten Pemilu Sela kagem milih anggota DPR dan Senator dinten-dinten kepengker. Partai Demokrat, partainipun Barack Obama, kalah telek kalian Partai Republik.

Lha wong ningkatke ekonomi negarane dewe isih tibo ngadek-tibo ngadeg, kok kapurih bantu ningkatake ekonomi negara liyane. Jenenge salah kedaden.... Opo tumon?

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Politik Selengkapnya
Lihat Politik Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun