Mohon tunggu...
Dini Rahma Wati Handono Putri
Dini Rahma Wati Handono Putri Mohon Tunggu... Mahasiswi Universitas Negeri Surabaya

Dini Rahma Wati Handono Putri adalah Mahasiswi Pendidikan Guru Sekolah Dasar ( PGSD ) Universitas Negeri Surabaya , yang berasal dari Gresik Jawa Timur . Sejak SMA, Dini mengikuti berbagai organisasi seperti PMR ( Palang Merah Remaja ) dan PDKS ( Penegak Disiplin dan Ketertiban Sekolah ) . Di organisasi , Dini juga menjabat menjadi pengurus inti di organisasi PDKS sebagai Wakil Komandan Satuan , dan di organisasi PMR ia sering mengikuti lomba PMR di tingkat Kabupaten ,Provinsi , hingga Nasional . Pengalamannya ketika berlomba PMR di tingkat Nasional dalam ajang " JUMBARA NASIONAL PMR IX di LAMPUNG " di Kontingen PMI Jawa Timur dan menjuarai peringkat 2 Nasional yang sangat berharga, menyenangkan dan menginspirasi semua kalangan remaja . Tidak hanya Non- Akademik saja , Dini juga berhasil mendapatkan posisi Eligible di kelas 12 dan ia juga berhasil masuk di Perguruan Tinggi Negeri Universitas Negeri Surabaya dengan jalur SNBP . Dini juga termasuk pribadi yang suka dengan visualisasi seperti menggambar, membuat kerajinan tangan, melukis , dll . Dan ia juga aktif sehingga meempunyai minat belajar yang tinggi sehingga ia ingin terus bisa menginspirasi pendidikan dan berkontribusi dalam pendidikan di Indonesia. Tidak hanya di

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

AKSARA JAWA : Warisan Leluhur Sing Ora Entek Digepuk Zaman

13 Oktober 2025   21:55 Diperbarui: 13 Oktober 2025   21:45 54
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

 

Aksara Jawa iku salah siji warisan budaya sing paling berharga kanggo wong Jawa. Ora mung dadi alat kanggo nulis, nanging uga dadi tandha kabudayan lan piwulang urip saka leluhur. Ing saben goresan, ana nilai-nilai luhur bab kejujuran, kesetiaan, lan tata krama sing ngemu makna jero banget. Nanging, saiki aksara Jawa kaya wis wiwit luntur, amarga ora kabeh generasi enom ngerti utawa bisa maca lan nulis nganggo aksara iki.

Saka sejarah, aksara Jawa asal saka aksara Kawi sing digunakak ing jaman kerajaan kuna Nusantara. Ana rong puluh aksara pokok sing diarani Hanacaraka, lan saben nduwni urutan lan makna. Crita "hana caraka, data sawala, padha jayanya, maga bathanga" ngemu piwulang yn manungsa kudu jujur lan tanggung jawab marang tugas. Teges, aksara iki ora mung sekadar simbol tulisan, nanging uga dadi sarana kanggo njaga watak lan kepribadian luhur wong Jawa.

Nalika sinau ing perkuliahan Bahasa Daerah, aku ngerti luwih jero babagan struktur aksara Jawa. Aksara iki nduwni 20 aksara pokok sing diarani carakan. Saliyane kuwi, ana uga sandhangan sing digunakak kanggo ngowahi swara utawa vokal ing aksara, lan pasangan kanggo nulis aksara sing nyambung karo aksara sadurung supaya ora ana spasi. Sistem iki nuduhak yn aksara Jawa nduwni tatanan sing rapi lan logis, nggambarak cara mikir wong Jawa sing tertib lan harmonis.

Ing jaman saiki, aksara Jawa dadi tantangan dhewe. Kemajuan teknologi nggawe kabeh luwih gampang, nanging uga nggawe budaya tulisan Jawa saya ora dikenal. Bocah-bocah saiki luwih akrab karo huruf latin lan jarang sinau maca tulisan Hanacaraka. Nanging, ana uga kabar apik: saiki wis ana font aksara Jawa digital sing bisa digunakak ing komputer lan piranti ponsel. Teges, aksara Jawa bisa tetep lestari yen dipadukak karo teknologi modern.

Upaya nguri-uri aksara Jawa ora bisa ditindakake dwkan. Sekolah, guru, lan mahasiswa kudu padha-padha melu nguri-uri. Caran bisa kanthi macem-macem: lomba nulis nganggo aksara Jawa, nggawe papan nama kelas nganggo Hanacaraka, utawa ngajar bocah nulis jeneng nganggo aksara Jawa. Yen dilakoni kanthi cara sing nyenengak, bocah-bocah bakal luwih gampang tresna karo budaya dhw. Pemerintah uga wis miwiti langkah pelestarian, kayata ngenalak aksara Jawa liwat kurikulum muatan lokal lan ngembangak situs Aksara Jawa Digital sing bisa diakses sapa wae. Iki nuduhak yn pelestarian budaya bisa tetep lumaku bebarengan karo kemajuan jaman.

Nalika aku sinau babagan aksara Jawa ing perkuliahan, aku rumangsa luwih ngerti lan luwih cedhak karo budaya asliku. Saka kn aku ngerti yn aksara Jawa iku ora mung wujud tulisan kuna, nanging uga simbol rasa bangga dadi wong Jawa. Aku pengin terus nyebarak semangat iki, supaya aksara Jawa ora mung dadi kenangan ing buku sejarah, nanging dadi napas sing tetep urip ing saben generasi anyar.

Muga-muga saka tulisan iki, akeh wong sing banjur kelingan maneh yn aksara Jawa iku bagian saka kita sing ora kena dilalekak. Ayo padha nguri-uri warisan iki, amarga sapa sing nglali marang budayane, padha karo wong sing ilang akare.

 

Referensi:

  • Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. (2022). Pelestarian Aksara Jawa dalam Dunia Pendidikan. Surabaya: Dispendik Jatim.

  • HALAMAN :
    1. 1
    2. 2
    Mohon tunggu...

    Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
    Lihat Bahasa Selengkapnya
    Beri Komentar
    Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

    Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun