Nguri-uri Budaya Jawa Lumantar Praktik Panggih: Mahasiswa PGSD Unesa Sinau Nilai Luhur Tradisi Pernikahan
 Surabaya, 1o Oktober 2025 -Mahasiswa Program Studi Pendidikan Guru Sekolah Dasar (PGSD) Universitas Negeri Surabaya kelas 2024H nindakaken kegiatan praktik panggih minangka salah satunggal saking tugas ing mata kuliah Bahasa Daerah. Kegiatan punika dipunrancang minangka wujud nyata panggulawenthah mahasiswa supados saged nglestantunak kabudayan Jawa, ngugemi unggah-ungguhing basa, lan nglebeti nilai-nilai luhur kang kasimpen ing upacara adat panggih.Â
Kegiatan punika ugi dados sarana ngelingak  para mahasiswa bilih basa lan budaya Jawa iku dudu mung warisan, nanging uga identitas lan piwulang urip kang luhur nilain.
Makna lan Arti PanggihÂ
Panggih punika salah satunggal prosesi wigati ing upacara mantn adat Jawa. Tembung panggih tegesipun "ketemu" utawi "papanggih," ingkang nyimbolak pepanggihan antarane calon penganten kakung lan estri sawis upacara akad nikah. Prosesi punika ngandhut makna sakral, dados pratandha wiwitaning bebrayan anyar ingkang adhedhasar katresnan, tanggung jawab, lan restu tiyang sepuh.
 Serangkaian Prosesi PanggihÂ
Ing praktik punika, para mahasiswa nyimulasikak saben tahapan prosesi kanthi nganggo busana adat, iringan gending Jawa, lan unggah-ungguh basa krama alus. Saben prosesi kagungan makna filosofis kang jero, antawisipun:Â
1. Balangan SuruhÂ
Loro manten saling mbalang godhong suruh ingkang sampun dipuniket benang lawe. Maknanipun, ngilangi rasa ala, curiga, lan prasangka awon, supados wiwitaning bebrayan tansah rukun lan resik batinipun.