Mohon tunggu...
Danish Restiana
Danish Restiana Mohon Tunggu... Mahasiswa S1 Pendidikan Guru Sekolah Dasar

Danish Restiana Yuniar adalah mahasiswa aktif program studi S1 Pendidikan Guru Sekolah Dasar di Universitas Negeri Surabaya. Memiliki ketertarikan dan hobi dalam bidang musik, Danish telah beberapa kali tampil dalam beberapa event. Sebagai calon pendidik, Danish memiliki kecintaan terhadap dunia anak-anak, yang menjadi motivasi utama dalam menempuh pendidikan di bidang keguruan. Ia meyakini bahwa setiap hal yang dikerjakan dengan senyuman, maka hasilnya akan membuat tersenyum juga. Prinsip tersebut menjadi pedoman dalam menjalani proses belajar dan berinteraksi, baik di lingkungan akademik maupun dalam kehidupan sehari-hari.

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Sinau lan Nglakoni Adat Jawa, Saka Isin-isin Dadi Bangga!

16 Oktober 2025   08:56 Diperbarui: 16 Oktober 2025   11:28 19
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Nalika sinau ing mata kuliah Basa Daerah, salah siji pengalaman sing paling nyenengake yaiku nalika aku lan kanca-kanca ora mung latihan moco teks MC, nanging uga melu praktek langsung upacara adat Jawa kaya panggih manten lan tedhak siten. Kegiatan iki ora mung menehi pengalaman anyar, nanging uga nggawe aku luwih ngerti makna lan keanggunan budaya Jawa sing kudu dilestarekake.

Awale, aku rumangsa rada isin lan ora percaya diri. Basa Jawa krama iku angel, kudu ati-ati nalika ngucapake supaya ora salah panggunaan tembung. Nanging nalika latihan bebarengan, kanca-kanca padha nyengkuyung, mbenerake, lan nglatih bareng-bareng. Rasa isin kuwi suwe-suwe ilang, diganti rasa seneng lan bangga amarga bisa ngomong nganggo basa Jawa kanthi luwih percaya diri.

Ing proses iki, dosen pengampu Bapak Dr. M. Bambang Edi S., M.Pd. uga nduweni peran penting banget. Panjenengan sabar, telaten, lan menehi contoh kanthi cetha. Malah sok-sok paring jam tambahan kanggo mahasiswa supaya luwih paham tata cara dadi MC lan ngerti runtutan upacara adat. Saka kono aku ngerti, dadi calon guru kudu serba bisa, ora mung ing bidang akademik, nanging uga kudu bisa tampil ing ngarepe wong akeh kanthi tanggung jawab lan wibawa.

Nalika praktek panggih lan tedhak siten, suasanane rame lan nyenengake. Kabeh mahasiswa padha nduweni peran: ana sing dadi MC, ana sing dadi pengantin, ana sing nyiapake perlengkapan. Kegiatan iki nglatih kekompakan, komunikasi, lan rasa gotong royong. Saka kene aku sinau yen pelestarian budaya ora mung bisa saka teori, nanging saka praktik lan pengalaman langsung.

Saka pengalaman iki, aku dadi luwih sadar yen warisan budaya Jawa ora kena luntur. Upacara adat ora mung tontonan, nanging duw filosofi urip, kebersamaan, lan rasa hormat marang leluhur. Yen ora saka generasi enom kaya awake dhewe sing njaga, sapa maneh?

Saiki aku bangga, amarga saka rasa isin nalika miwiti latihan, aku bisa ngrasakake kebanggaan dadi bagian saka wong Jawa sing nduweni budaya luhur. Sinau MC adat Jawa ora mung ngasah kemampuan ngomong, nanging uga ngelingake aku supaya tansah ngajeni lan nguri-uri budaya bangsa.

Sumber: Dokumentasi penulis (Danish Restiana)
Sumber: Dokumentasi penulis (Danish Restiana)

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun