Mohon tunggu...
cak boyo
cak boyo Mohon Tunggu... Full Time Blogger - isi pikiran e cak boyo

cak boyo senengan e mlaku-mlaku, cangkruk karo crito-crito, senengan e moto-moto, saiki no poto hoax jarene, cak boyo ya seneng nulis, sing santuy ya mocone.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Fasilitas Pencegahan Corona Nang Keputra Sak Onone

9 Mei 2020   08:29 Diperbarui: 9 Mei 2020   08:31 161
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Gara - gara pandemik virus corona, PD Pasar Surya nerapno protokol kesehatan nang seluruh pasar Surabaya. gak ketinggalan nang Pasar Keputran. Tapi sayange nang Pasar Keputran penerapane gak maksimal.

Cak Boyo dino iki pengin belonjo golek bahan-bahan makanan gawe masak. Nah, mankane iku Cak Boyo belonjo nang Pasar Keputran Utara. Pasar iku onok e nang daerah Urip Sumoharjo, Surabaya. Pasar iku memang dadi salah satu pasar sing lengkap nang Surabaya. Segala jenis bahan makan onok nang Pasar Keputran Utara. Hayo, sopo sing sering mrono? Hayo ngacung.

Dok. pribadi
Dok. pribadi

Jarak omah e Cak Bajol ambek Pasar Keputran lumayan adoh, dadi iki mau numpak ojek teko omah. Sekitar 15 menit perjalanan akhir e Cak Bajol wes teko nang Pasar Keputran. masio wes rodok awan, Pasar Keputran jek ramai, jek akeh sing dodolan dan pembeline yo jek akeh.

Pas teko pertama nang kono, Cak Bajol kaget setelah nemu mek onok loro keran cuci sing digawe sak onok e, mek onok ember sing dibolongi gawe panggon keran, sabun e yo onok tapi wes atene entek. Padahal biasane kan keran cuci sing digawe Pemkot Surabaya di pinggir-pinggir dalan onok tandon besar sing disambungo nang wastafel, gak mek iku tok, tempat cuci tangan standar e Pemkot Surabaya yo dilengkapi sabun. Tempat cuci minmalis iku onok loro siji nang ngarep e tangga Pasar Keputran sijine maneh nang pinggir sebelah kanan Pasar Keputran.

Dok. pribadi
Dok. pribadi

Selain soal panggon cuci tangan sing seadanya, Cak Bajol gak delok onok kipas semprot disinfektan sing jarene dipasang ambek Pemkot Surabaya. Padahal kipas iku isok nyemprotno disinfektan selama tiga jam, tergantung kecepatan kipas angin e. Cak Bajol gak eroh opo ancen kipas iku rusak terus gak dipasang maneh, opo piye. Sing jelas pas mrono gak onok kipas angin e. Gak mek iku tok sakjane. Garis lurus sing gawe pembatas antara pedagang ambek sing tuku yo gak onok alias rusak. Lah, iki sing garai Cak Bajol kaget kok wes eroh rusak gak dibenakno ambek Pemkot Surabaya, iku sing garai bingung.

"Ya begini ini kalau jualan di sini meski saat corona ya tetap begini cuma memang ada tempat cuci tangan di depan, kalau kipas kok sudah gak lihat ya cak," kata seorang pedagang brambang sing gak gelem disebutno jenenge.

Dok. pribadi
Dok. pribadi

Ngomong-ngomong soal protokol kesehatan, pembeli lan penjual yo jek akeh sing gak gawe masker pas transaksi dodolan. Padahal jarak sing dodol ambek sing tuku iku cidek banget, lek diukur kiro-kiro mek setengah meter. Iku diperparah yo podo gak gawe masker, onok sih sing gowo masker tapi gak digawe. Lek ngono kan yo podo ae dadine.

Masio cidek koyok ngono gak onok petugas Pemkot Surabaya sing ngelengno opo sing negur pedagang lan pembeli kuwi. Petugas Dishub ambek Satpol PP malah lungguh-lungguh nang pinggir dalan sing gak adoh teko panggone Pasar Keputran.    

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun