Mohon tunggu...
Atiek Rachmawati
Atiek Rachmawati Mohon Tunggu... Penulis Lepas

Menulis untuk aktualisasi diri

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Perbandingan Dolanan Tradisional lan Game Online : Antarane Warisan Budhaya lan Teknologi Modern (Artikel Berbahasa Jawa Karya Siswa)

23 Mei 2025   20:12 Diperbarui: 23 Mei 2025   20:12 276
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Dening : Latifa Azzahra Wibowo, Siswa kelas XI-F5 SMA N 2 Surakarta (Foto dokumen pribadi)

 

Kajupuk saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Dolanan_tradisional, dolanan tradhisional yaiku dolanan sing dilakokak nganggo prinsip utaman norma lan adat-istiadat sing wis ana kanthi turun-tumurun. Dene game online miturut KBBI kang kababar ing web Universitas Muhammadiyah Sidoarjo, http://eprints.umsida.ac.id, yaiku salah sawijining kang digunakake kanggo dolanan, ananging kudu mbutuhake   akses jaringan internet. 

Jaman saiki, para kanoman luwih akrab karo gadget lan game online. Nanging, ing samburine ngrembakane teknologi iku mau , dolanan tradhisional isih kaanggep wigati kanggo budaya lan ing panguripane para kanoman iku. Ing artikel iki, aku bakal mbandhingak kalorone saka segi: nilai budaya, pengaruh sosial, sajroning fisik lan mental, lan uga kaanane.

Dolanan tradisional kaya congklak, gasing, egrang, lan nekeran ora mung kanggo hiburan, nanging uga dadi warisan budhaya sing nggambarak nilai-nilai lokal (Wulandari, 2021). Dolanan iki biasan diwarisk saka generasi siji marang generasi candhake, lan ngandhut makna kekancan, kajujuran, lan uga gotong royong. Sakliyane kuwi, game online biasan produk global sing ora cedhak banget karo budaya lokal. Senajan ana sawetara game sing ngangkat unsur budaya, umume fokus ya mung kanggo hiburan lan kompetisi (Setiawan, 2020).

Dolanan tradisional biasan dimainak bareng-bareng langsung, mula nambah interaksi sosial, komunikasi, lan anane tembayatan. Bocah-bocah bisa sinau carane sabar, gantian, lan ngajni kanca (Hapsari & Nugroho, 2019). Beda karo game online, interaksi sosial luwih ana ing donya maya. Senajan ana fitur multiplayer,kalamangsa hubungan ora akrab banget, malah bisa ngurangi kualitas anggone kekancan ing saben dinane (Kurniawan, 2022).

Dolanan tradisional umum mbutuhak gerakan fisik, kaya mlayu, mlumpat, utawa migunakak piranti. Iki apik kanggo kesehatan awak lan perkembangan motorik bocah (Sari, 2018). Dene game online luwih ngasah otak, kaya mikir strategi, cepet nanggepi, lan mecahak masalah. Nanging, yen kesuwen main game online, bisa ndadekake masalah kesehatan, kayata lara mata, kurang turu, nganti obesitas merga kurang aktivitas (Yusuf et al., 2021).

Dolanan tradisional luwih gampang ditemokak, murah, lan ora butuh listrik utawa internet. Iki luwih cocok kanggo bocah-bocah ing daerah sing durung maju (Rahmawati, 2020). Dene game online mbutuhake piranti khusus, kaya HP utawa komputer, lan kudu ana sambungan internet. Iki dadi tantangan dhewe kanggo bocah-bocah sing urip ing daerah adoh utawa keluarga sing ora mampu (Fauzan, 2021).

Dolanan tradisional lan game online loro-loron nduweni kaluwihan lan kekurangan. Dolanan tradisional unggul ing pelestarian budaya, sosial, lan aktivitas fisik, dene game online luwih nyedhiyak tantangan pikiran lan hiburan modern. Saben bocah becik bisa ngrasakae kalorone supaya bisa nemokake beda lan uga rasa kang kaandhut ing sajroning dolanan tradhisional lan uga game online.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun