Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Aja Kedanan Mundhak Edan (Jangan Tergila-gila Nanti Akan Membuat Gila)

11 Juli 2019   12:15 Diperbarui: 11 Juli 2019   14:53 97
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kedanan kuwi dhemen utawa seneng marang wong utawa samubarang kang katon gumebyar apik kaya-kaya liyane ora apik. Ora apik ateges dudu ala utawa elek. Samubarang kang sinebut ing dhuwur dudu mung donya brana utawa rajabrana, mas picis, rajakaya, lan bandha nanging uga rupa, drajad, lan pangkat.

Kedanan donya kuwi sanajan wis urip kecukupan malah bisa diarani sugih nanging ora bisa marem atine yen durung keturutan apa sing dikarepake. Wis duwe tegal sawah sak kedok kepingin duwe rong kedok. Duwe sapi sanga isih kepingin duwe wedhus telung puluh lima. Duwe dokar isih kepingin duwe montor mabur.

Kedanan rupa kuwi kaya wong kang nandhang wuyung. Mula supaya bisa digatekake utawa katon luwih ayu banjur paesan. Malah kadang praupane dadi aneh. Maune ayu kaya Dewi Wara Sembadra dadi kaya Betari Durga.

Kudu dadi pepeling, wong sing kedanan kuwi dudu mung wadon wae. Nanging uga wong lanang. Wis duwe bojo ayu kinyis-kinyis kaya apel ana isih lirak-lirik bakul jamu ing pasar. Iki mung conto. Merga sing dilirik dudu mung bakul jamu wae, bisa uga bakul pecel ing pojok lapangan cedhak kuburan.

Kedanan drajad ateges kepingin utawa duwe kekarepan luwih diajeni liyan yen satemene dheweke kuwi wong kang duwe aji. Kadare pinter tetanen ora gelem nyambut gawe yen ora ana sing ngongkon. Gelem nyambut gawe yen juragane mara nang omahe menehi pegaweyan. Nyambut gawe mung dadi karyawan toko, gayane mekitik kaya-kaya sing duwe toko.

Rumangsa dadi pamong praja mlakune pekithak-pekithik ndhangak. Biyen budhal makarya numpak pit mancal saiki kudu sekuduk. Biyen mangane ning warung pojok Mbok Sriatun, saiki ning kafe Setarbluk. Wolak-walike jaman. Ora apa-apa. Nanging ajan kemlinthi.

Kedanan pangkat ateges wong sing duwe kekarepan duwe jabatan sing dhuwur. Ora salah yen duwe pengarep-arep kaya ngono. Jalaran pengarep-arep bisa marakake luwih sregep sinau lan makarya kanggo nggayuh apa sing dadi kekarepan. Nanging yen nganti karo laku cidra njegal-njegal lan nyaruk-nyaruk sapa wae sing dianggep dadi saingane kuwi ora becik.

Wong kedanan yen nganti lali ora migunakake nalare bisa dadi owah tingkah polahe utawa edan. Dadi edan kuwi ateges wong sing wis owah pikirane. Sanajan isih isa mikir nanging cara mikire beda karo sing isih waras. Pawakane bisa wae katon seger utawa gagah prakosa utawa ayu kinyis-kinyis.  

Akeh conto sing sapa kedanan marang donya brana, drajad pangkat, lan rupa pungkasane dadi edan. Awak ora apa-apa sirahe dibenthuk-benthukna ting anim nganti mbendhol kaya bakpao banjur mlebu rumah sakit.  Sirahe bethem merga obat, ngumbar yen bar digebugi durjana. Merga awu-awu lan dadi gegere kahanan sing ayem tentrem banjur dikecek pamong bhayangkara mlebu tahanan.

Yen wis edan utawa mlebu pakunjaran sing sara dudu mung awake dhewe nanging uga sanak bojo, sanak kadang, malah uga kadangkatute. Harataaaa....

Sapa ora isin yen nganti ana sedulure sing utek lan tingkah polahe dadi owah lan edan?

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun