Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Filsafat Pilihan

"Cilik nanging Endah", Kecil tapi Indah

29 September 2018   09:09 Diperbarui: 29 September 2018   09:11 466
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sapa ta sing ora kesengsem ndeleng kembang maneka warna kang mekar ana ing pelataran omah. Apa maneh uga anebarake ganda arum kang bisa dadi gayeng tentreme sapa wae kang nyawang. Semono uga yen nyawang kembang sing ditandur ing pot kang tansah diramut kanthi becik lan ati-ati supaya bisa awet ora alum-alum. Embuh kuwi kembang melati, mawar, anggrek, bakung, utawa terate lan sapanunggale.

Yen ndeleng kembang-kembang kang sinebut ing ndhuwur, wujude pancen rada gedhe. Malah ana sing gedhe, kayata terate. Saora-orane wite sing gedhe utawa gembel. Mula sing gedhe lan warnane uga nyorak apa maneh wangi gandane, bakal didhemeni sing nandur lan sing nyawang. Kaya-kaya sing cilik kuwi ora apik lan ora prelu dideleng lan disawang apa maneh digatekake.

Satemene, kembang gedhe utawa cilik kuwi padha endahe. Ya wernane, ya wujude, ya gandane. Mung merga cilik, jarang sing nggatekake. Apa maneh ditandur ing taman. Malah dianggep gulma sing marakake tetanduran liyane ora bisa urip subur. Mula kudu dijabut lan dibuwang banjur dijarake thukul sapinggire kalen. Thukul karepe mati ya ben.

Ora ana sing nggatekake. Tak ada yang memperhatikan. Dokpri
Ora ana sing nggatekake. Tak ada yang memperhatikan. Dokpri
Padahal, kembang-kembang cilik sing katone ora apik yen disawang kanthi tenanan uga bisa gawe segere netra lan galih. Kayata kembang genjer sing thukul ing sawah utawa kembang telekan sing thukul sakarepe ing latar utawa tegal.

Kaya dene kembang, manungsa ana sing cilik pangkat lan drajate. Nanging kudu dimangerteni yen kabeh manungsa kuwi drajate padha.  Aja dideleng kuwi buruh lan bodo ateges ora sekolah, aja banjur disepelekake. Sapa wae ora bakal bisa dadi gedhe yen ora sing cilik. Mula supaya sing cilik bisa dadi gedhe, kudu tansah digatekake kanti tenanan aja mung nalika dibutuhake.

Manungsa luwih saka kembang. Dudu sing gedhe drajate lan pangkate wae sing bisa anebarake ganda arum.

Nuwun.... Rahayu...rahayu...rahayu...

Jika diperhatikan tentu indah.
Jika diperhatikan tentu indah.
0 0 0 0 0

Siapa yang tak terpesona melihat aneka warna bunga yang mekar di halaman rumah. Apalagi jika menyebarkan keharuman yang bisa membuat ... yang melihat. Demikian juga saat melihat bunga yang ditanam di pot yang selalu dirawat dengan baik dan hati-hati supaya tidak segera layu. Entah itu melati, mawar, anggrek, bakung, atau teratai dan sejenisnya.

Kala melihat bunga-bunga yang disebut di atas, bentuknya memang agak besar. Bahkan ada yang besar, misalnya teratai. Setidak-tidaknya pohonnya yang besar atau rimbun. 

Maka yang besar bentuknya dan berwarna nyorak apalagi harum baunya, akan disukai yang menanam dan yang melihat. Seakan-akan yang kecil itu tidak bagus dan tak perlu dilihat dan diamati apalagi diperhatikan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun