Mohon tunggu...
Anjrah Lelono Broto
Anjrah Lelono Broto Mohon Tunggu... Freelancer - Penulis

Penulis freelance

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Bapak Polah Anak Kepradah (Cerpen Berbahasa Jawa)

22 Mei 2014   15:25 Diperbarui: 23 Juni 2015   22:14 6584
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
14007223021829522701

Dening Anjrah Lelono Broto

“Pak, njenengan ki apa ora nyebut? Mungsuh Mas Hadi kuwi kaya timun mungsuh dhuren, Pak!” meh sewulan kepungkur, nalika Ali manek-manekake ngudari apa kang mbruwet ing sirahe menyang Bapake.

“Hisss... Cah cilik apene nguyuhi wong gerang! Kowe kuwi ngerti apa? Apa kowe ngerti yen penduduk kampung kene iki wes bosen dipimpin kulawarga iku-iku wae. Apa sakkampung kene iki ora ana wong sing pinter, sing bisa mimpin desa? Mosok pirang-pirang taun kursi lurah kok diungkeri sakabang cindhile dhewe wae,” saute Bapake Ali rada sengol.

Alise tepung, bathuke njengkerut, Ali ora wani nyawang pasuryane Bapake. Dheweke milih mbenakne sarung lan kopyahe kaya-kaya gage budhal menyang masjid, kamangka adzan isya’ isih seprapat jam engkas.

“Bapak iki ya mikir masa depan. Mosok lakon mung leren nduk bayan. Bapak ya pengin dadi lurah. Sapa ngerti, limang taun engkas ana partai sing nglirik ndadekake Bapak caleg. Saiki wae akeh mantan lurah sing nyaleg. Mantan lurah kampung kidule kali kae! Terus mantan lurah sing tau nyelangi Bapak mesin brujul kae! Taun iki nyaleg DPRD,” sambunge Bapake Ali kanthi semangat.

Kelincipen. Meh wae ukara kuwi mlumpat saka lambene Ali. Nanging, nyawang pasuryane bapake sing semangat makantar-kantar, Ali ora mentala. Mantan lurah sing dikojahake bapake mau pancen wong-wong sugih mblegedhu, sawahe pirang-pirang hektar, sapine kang diparon-parone mblasah neng ngendi-ngendi. Malah mantan lurah kidule kali kuwi dhuwe anak-dhuwe mantu pegawe bank. Nyendal dhuwit satus rong atus juta paribasane suwe mijet wohing ranti. Sinambi watuk-dhehem thithik akeh caire.

Ora nyilikake Bapake kang mung jejer bayan lan ngramut sawah warisan sakilat, nanging mbokya Bapake ki nggunakake nalare kanthi wening. Jer basuki mawa beya, jarene. Ing jaman kebak pitukon kaya saiki, apa kang ora kudu dituku dhisik sakdhurunge didhuweni. Pengen dadi pe-en-es wae kudu tuku. Pengen dadi artis wae kudu tuku. Pengen dadi perangkat desa ae jaman saiki ya kudu tuku. Apa maneh dadi lurah? Apa maneh dadi caleg? Ali asring maca neng koran-koran yen caleg kuwi kudu sangu rekomendasi saka partai. Kamangka rekomendasi kuwi isa mudhun yen disunggek dhisik nganggo dhuwit kang ora sethithik.

“Saiki ganti Bapak sing takon, Li? Sejatine kowe kuwi ndukung karepe Bapak tah ora? Amarga ket wingi-wingi daksawang kayane kok setengah hati melu-melu melekan, ngrukuni tim sukses-e Bapak, uga ngrewangi ibumu lan wong-wong ing pawon,” Ali ora gage kumecap. Lambene kaya kinonci gembok waja. Lamat-lamat swara adzan isya’ saka masjid wiwit mampir ing kuping. “Yen Bapak kepenak uripe, ibumu, kowe, lan sedulur-sedulur liyane rak ya melu ngrasakne ta, Li,”

“Kula ndherek mawon, Pak. Namung, kula wiwit krasa yen keri pelajaran sekolah gara-gara asring melekan,” saute Ali meh ora keprungu.

“Haiyah.. Pinter pelajaran kuwi gawe apa ta, Li? Sekolah kuwi sing penting rak ya ijazahe. Mosok mengko yen awakmu kerja ditakoni bosmu, mbiyen rangking pira? Sekolaha pinter sundul wuwung, yen ora dhuwe bandha, ora dhuwe koneksi, ya mlayune kerja nang pabrik,” Bapake Ali nyedhot rokok rokoke kretek karemane kanthi nikmat. Keluke disebulake saka irung, saka lambe. Dheweke unjal ambegan. Ora landung. “Bapak direwangi temenan ya, Li!” jaluke bapake alus kambi ngepuk-epuk pundhake anak mbarepe sing mancik klas telu es-em-a kuwi.

“Kayadhene paribasan lawas sing saiki kuwalik, yen bapak polah kuwi anake ya kudu melu kepradhah. Hahahaha..... Hahahaha... Hahahaha...” guyune Bapake Ali keprungu kaya gludhug ing mangsa kesanga-kesepuluh. Rasane keprungu tekan omahe Mas Hadi, rivale Bapake Ali kang mung dipisahake dalan.

Ali mesem kecut. Swara adzan isya’ ing masjid digawe pawadan dening Ali kanggo ngoncati guyune bapake sing suwe-suwe memper guyune Dasamuka. Jangkahe Ali ninggal bapake ing ruwang tamu kang wiwit rame dening para anggota tim sukses pilkades. Nggelar koordinasi lan koordinasi.

“Ropat-rapat, ngopa-ngopi, udad-udud, kapan nyambutgawene?!!” grenenge Ali jroning ati, kambi nyincing sarunge kang wis masem.

*****

Pindha layangan tanpa tali kang kagawa angin menyang ngendi-ngendi. Awake Ali krasa entheng. Ngleyang. Pindha rante sepedha kurang uli, balungan awake Ali nyuwara pating kriyet nuduhake nemene kesel. Ali kang ndhuweni awak ngiyeyet kuwi kaya-kaya kari balung karo entut amarga karameyan ing omahe saben wengi. Ali nyelehake bokonge sing tepos ing bangku kelas kanthi lungse. Kelas isih sepi, iki mau dheweke gage budhal sekolah sakdhurunge keri kaya wingi gara-gara ngrewangi ibune nyepakake suguhan kanggo dhayohe Bapake sing rina wengi ngleset ing teras omahe.

Ali pancen jan kesel sakpol-pole. Wis karo tengah minggu iki, dheweke kurang turu amarga karepe Bapake. Bapake kang wis mataun-taun pinercaya penduduk kampunge jejer bayan ndhuweni karep kang luwih. Karepe Bapake Ali ora kena sinangga entheng kanggo Ali sakgotrah. Dheweke pengin macung lurah jroning pilkades taun iki. Kenengapa ora kena sinangga entheng? Amarga kang dadi mungsuhe kuwi lurah dongkol kang kena diarani isih trahing kusuma rembesing madu.

Ali ora isa nrima ngunu ae, bapake wani mungsuh Mas Hadi kang taun wingi njabat lurah, nerusi kangmase ipe. Kamangka, lurah ing kampunge Ali sakdhurunge kangmase ipene Mas Hadi kuwi bapake Mas Hadi dhewe. Huapa hora abot?

Ambegane Ali krasa jero

Mripate Ali katon abang. ora merga lara mata utawa kesurupan. Mripat abange Ali mung nundesake olehe kurang turu. Kamangka semester ganep kelas telu es-em-a kuwi padadhene palagan pungkasan kang nemtokake dheweke bisa nganthongi ijazah sekolah utawa kudu ijazah Kejar Paket C. Pancen pamarentah wis aweh solusi alternatif, saumpama kaya bocah sekolah kaya Ali ora lulus UN bisa melu ujian Kejar Paket C. Ijazah kuwi bobot lan kasektene padha kanggo kuliyah utawa luru penggaweyan. Nanging, mosok telung taun nganggo bet sawijining sekolah, tapi ijazahe muni seje.

Ana bocah lanang arambut kriting satus persen mlayu kesusu mlebu kelas. Tanpa tolah-toleh, njujug bangkune terus tase gage didhudah. Mripate ora nyenggol Ali kang luwihdhisik mathoki panggonan. Kliwat lima-sepuluh menit lagi dheweke sadar yen kancane sing ngiyeyet kuwi lungguh ora adoh saka bangkune.

“Lho, Li!! Budhal bareng buyaran maling tah iki maeng?”

“Ora. Bareng Yu Dah mulih kulakan saka pasar,” saute Ali lemes.

“Lambemu... Ra sah nyandhak-nyandhak wong tuwa, Li!!” bocah lanang arambut kriting satus persen kuwi rada mbesengut. “Eh, kowe wis nggarap tugas Biologi?” Ali gedheg isih lemes. “Mbujuk. Kuwatir aku nyonto, se!! Senadjan aku dhurung nggarap, pantang gawe Wargiyo ndhemek-ndhemek njaluk sih kawelasane liyan. Nanging... Yen ditawani ya ora nulak. Hehehe....” bocah lanang arambut kriting satus persen kang tibake ndhuwe jeneng Wargiyo lan anake Yu Dah kuwi ngembang tebu.

Ali ora nyemauri guyonane Wargiyo. Anggane kang lemes isih sendhenan neng kursi tanpa daya. Mung lambene kang mesem. Alon-alon, dheweke uga ndhudhah isen-isene tas-e. Buku diktat Biologi kang kandele sakgada rujakpala menthungul saka tas mblawuse. Ora suwe, dheweke uga ndhingkluk konsenstrasi menthelengi bukune.

Guyune Wargiyo pecah. Semburat neng tembok, bangku, papan, uga eternit ruwangan klas. Nalika guyune tapis, “Dhurung nggarap tugas kok ora gupuh blas, Li!!”

“Aja maneh Biologi, Yo. Tugas Bahasa Inggris, Matematika, lan Bahasa Indonesia ya dhurung dakjawil blas. Ora kober,” swarane Ali alon.

“Bapakmu sida macung?” Ali manthuk isih lemes.

Ora suwe, siji loro kanca-kanca sakklase Ali wiwit teka. Ruwangan klas kang maune samun wiwit gumerah. Kayadhene pasar manuk kang nembe bukak, pating clebung ukara kang mblabar jroning ruwangan klas. Luwih-luwih kanca-kanca wadone Ali, ana wae sing diomongake bocah-bocah wadon nggawe rok abu-abu kuwi.

Swara pating cruwet guyonan lan rasan-rasan kang mili ninggalake Ali sing saya ora keprungu abane. Swara pating cruwet kuwi sakkal dadi pating jlerit nalika nemoni Ali rubuh saka bangkune. Awake adem njejet. Mripate merem dhipet. Kringet sakjagung-jagung ndhelewer ing bathuk, pilingan, uga gulune. Ali kang ndhuweni awak ngiyeyet kaya-kaya kari balung karo entut kuwi rubuh semaput.

*****

Ibune Ali nangis ngguguk ing sisih dipan klas telu sawijining rumah sakit ing kuthane. Cebloke banyu udan sanjabaning rumah sakit ora ngalahake cebloking luh saka mripat wadon separo umur kuwi. Kambi ngelus-alus bathuke Ali kang isih dhurung sadar saka semapute, Ibune Ali mbisikake ukara-ukara kebak rasa asih ing kupinge Ali. Wong wadon kang sedhela engkas mungkin wae bisa diundang kanthi paraban Bu Lurah kuwi ngekeb-ngekeb anake lanang mbarep kuwi kanthi sewu rasa.

Bapake Ali ngadeg ngejejer samburine. Mripate kaca-kaca. Meh sedina muput Ali dhurung paja-paja sadar saka semapute. Diagnosise dokter kang ngabani yen Ali kena typhus, krasa kaya lumpang watu nibani dadane, ngelingi Ali dhuwe gawan bayi yaiku lemah jantung. Mripat bapak kang ngimpi dadi lurah terus nyaleg kuwi kebak dening eluh. Senadyan ora nganti ceblok, ana separo atine kang nggetuni olehe adreng macung lurah nganti ora nyawang kanthi temen apa kang tumempel ana anggane. Termasuk anak lanang kang ginadhang isa nyulihi jenenge wong tuwa ing dina tembe iki.

Ana rasa getun nalika kelingan ngguyoni Ali kanthi malik paribasan lawas, yen bapak polah kuwi anake ya kudu melu kepradhah. Nanging wengi iki tanpa guyu nDasamuka kaya wingi. Ing njabaning rumah sakit, udane saya deres.

--- CUTHEL ---



Padepokan Girilusi, 22 Januari 2014


Catatan:

Dimuat di Rubrik "Cerita Cekak" Mingguan JAYA BAYA No. 37 Minggu II Mei 2014



Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun