Lihat ke Halaman Asli

KHANAH FITAZKIRAH

Saya adalah seorang mahasiswi S1 PGSD angkatan 2024 dari Universitas Negeri Surabaya

''Lho Kok Bayine Disuruh Njak Lemah?" Seruning Tedhak Siten!

Diperbarui: 17 Oktober 2025   07:42

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

https://jatim.times.co.id/news/gaya-hidup/lrj9ui2xin/tedak-siten-a-ceremonial-celebration-of-the-first-time-baby-touch-the-ground

Ngerti ora gaes, yen wong Jawa nduweni tradisi unik nalika bayin wis wiwit bisa ngadeg lan mlaku-mlaku cilik? Jenenge Tedhak Siten. Nanging, kadhang wong sing durung ngerti mesti takon, "Lho kok bayine malah disuruh njak lemah, ora isin apa?" Hehehe... tenang, iki dudu hukuman, tapi upacara sakral sing kebak makna.

Tedhak Siten asal saka tembung tedhak tegese "mudhun" lan siten tegese "tanah" utawa "lemah". Artine bayi sing sakdurung mung digendhong terus, saiki wis wayahe "mudhun menyang bumi" lan ngenal donya nyata. Biasane acara iki dianakak nalika bayi umur pitung sasi luwih utawa sak wektu bayi wis wiwit sinau mlaku.

Prosesi iki lucu lan nggemeske banget! Bayin nganggo busana adat Jawa, lengkap karo blangkon utawa paes cilik, wah pokok gemes pol! Sawis kuwi, bayi bakal mudhun saka pangkonan ibu, banjur nginjak lemah utawa beras sing wis disiapake. Ana uga sing nganggo tampah isi pari utawa lemah sing alus. Iki maknan supaya bayi wis "kenal bumi" lan dadi wong sing tetep ling marang asal.

Ora mung iku, ana bagean sing paling ditunggu-tunggu, yaiku nanjak tangga tebu wulung. Tebu wulung iki ora asal tebu lho! Warnan ungu tegese keanggunan lan tekad sing kuat. Nalika bayi munggah tangga iku, wong tuwan padha ndonga supaya urip bayi mengko tansah manis lan ora gampang nyerah.

Nah, sing luwih lucu maneh, ana sesi "milih barang". Ing tampah disiapake macem-macem benda: ana buku, dhuwit, pensil, cermin, lan liya-liyan. Bayi disuruh milih siji. Yen njupuk pensil, wong-wong langsung gumun: "Wah, iki calon guru utawa penulis iki!" Yen njupuk dhuwit, kabeh padha mesem: "Mugo-mugo rejekin lancar, yo Nak!"

Saiki bayang, bayi sing durung lancar mlaku, disuruh munggah tangga, terus njupuk barang... kabeh wong ngeling-eling lan ngguyu bareng. Seru tenan! Nanging, ing balik kelucuane kuwi Tedhak Siten iku wujud rasa syukur wong Jawa marang Gusti sing wis maringi kesehatan lan perkembangan kanggo anak.

Acaran biasan ditutup mangan bareng ana tumpeng cilik, jenang abang putih, jajan pasar, pokok rame lan ngenyangak! Ora mung nglipur ati, nanging uga njaga tradisi sing wis ana turun-temurun.

Jadi, yen ana sing takon, "Lho, kok bayin disuruh njak lemah?" saiki wis ngerti jawabane kan? Iki dudu acara aneh, nanging simbol rasa syukur lan pangarep-arep apik kanggo masa depan sang bayi. Wong Jawa pancen nduwe cara unik kanggo ndongakak anak kanthi gaya sing hangat, lucu, lan kebak makna.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline