Mohon tunggu...
Sayyid Jumianto
Sayyid Jumianto Mohon Tunggu... Guru - Menjadi orang biasa yang menulis
Akun Diblokir

Akun ini diblokir karena melanggar Syarat dan Ketentuan Kompasiana.
Untuk informasi lebih lanjut Anda dapat menghubungi kami melalui fitur bantuan.

Menulis untuk perubahan yang lebih baik

Selanjutnya

Tutup

Joglosemar

Urip Kuwi Urup

18 Juni 2021   13:41 Diperbarui: 18 Juni 2021   14:14 261
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Urip kang urup

Sayyid jumianto

Wabah covid ing tlatah Ngayogyakarta hadiningrat saikit ngembaka kanti kang ketaman ameh sedino 500an uwong ana kluster kang marahi bab iki yoiku klaster kang gede dewe soko LP penanggulan penyalahgunaan Narkoba nganti 250 uwong kang kena amergo sak salah sijine sipir kang bali soko mudik ketaman virus iki.


Iki sik nyebabke sekda Daerah Istimewa Yogyakarta Baskoro kondo  saiki nguwisi uji coba Pembelajaran Tatap Muka ( PTM) lan di ganti kanti Pembelajaran Jarak Jauh ngati sudane mubale covid sakmengko  jawabe kadinas Dikpora ing tlatah kenen klaster covid soko wong hajatan ( mantu, tetakan, lan ujung riyaya lebaran) wingi  sebab kang ora kenyana.


Kabeh mou soko leno lan kurange  wawasan bab protokol kesehatan lan ugo yen wes ngerti malah ora gelem  lan nerak paugeran kanti sadar iki sik nyebabno wabah covid 19 iki ngrembaka ing tlatah Ngayogyakarta hadiningrat ing  kene.

 Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta Sri Sutan Hamengkubuwno IX banjur mutusake perpanjangan PPKM Mikro nganti 28 Juni 2021.


Prehatin


Kuwi sik tak wawas nganti saiki pandemi covid 19 ora soyo sudo ning malah soyo akeh kang ketaman amergo akeh wong kang nganggep sepele lelara iki, iki dudu kutukan opomaneh iki balak anging iki soko awake dewe sik oran gelem patuh marang protokol kesehatan sik wes katetepno sik kawogan.


Sepiro kabeh aturan, kabeh wong wes  di vaksin, kabeh wong kong nganggo masker iseh ana kang ora gelem manut, amergo ribet, ngeyel lan ndableg iki sik njalari ngrembakane lelaran iki ngrembaka nganti saiki.


Ora amung ing tlatah Ngayogyakarto kene virus korona iki wes sumebar ana sak indening Nusantara amerga kembet kahanan ndonyo saiki sing lagi ketaman wabah iki, amung bedo kasunyatan ing tlatah kulonan Eropa kang wes iso nganakake tandingan bal-bal euro 2021 sitik akeh marahi merine  kawasan Asia kalebu  Indonesia kene sik amung iso nonton lan ndelok krido bal-balan.


Kahanan kene bedo amung viruse sakjane podo kang nemahi korban okeh sak ndonya yaoiku virus korona sik di nugo soko Wuhan RRT lan sumebar neng kabeh  kukuban negara sak ndonya, sakjane awake dewe mono yen ora "ngeyel" lan patuh marang aturan pamarintah nanggulangi virus iki gampang neng akeh kepentingan kang marahi kahanan bedo.
PPKM mikro wae akeh sik mbandel lan ora tertib marga akeh alasan kanggo ngendani, opomaneh lock down koyo negara eropa lan Amerika kene wes bengok-bengok ora gelem negene iki sik njalari akehe wong ketaman corona khusus ing tlatah kene  gampange mobilisasi lan gampange transportasi uga marahi pageblug iki soyo tambah ndodro nganti saiki


Pepeleng  iki kanggo aku lan kowe saiki kudu ngerti yen wabah korona iki ugo amergo kurange awake dewe njogo  kasarasan lan uga lingkungan  sakiwo tengene laladan aawakae dewe, kahanan kang sakjane iso di  endani ning saiki malah kabeh wong ora iso enda marang wabah virus korona iki.


Pageblug sing ora mung tlatah jawa wae sik keno ning kabeh wong  sasat sak ndonya kena wabah iki  kang orang kenyono-nyono lan iki  sik marahi kabeh wong njola sasat ora gelem ketaman dewe lan iki sik marahi lena lan ora ngangep  virus iki ana saengga kabeh nerak wewalere sik kawogan.


Tunjone kabeh ketaman lan lagi ngerti saiki ora nyono sedulur, tangga, kakang adi, ugo wong tuwo iso ketaman tanpa awake dewe ngiro ganase virus iki.
Kabeh kanggo pelajaran berharga kanggo awake dewe kang becik iso njogo kasarasan diri sik di utamakno lan  kaluwarga iki sik penting, ning ugo iso njogo tonggo kanggo ngelengke, lan pepemiling marang sapadha-padha yen virus iki ijeh ana lan mbebayani tumrape manungsa.


Virus iki wes nglumpuhke  kabeh lini massa ing madyaning urip, lan saiki soyo ganas amerga akeh wong leno lan ora gelem  sadar yen virus iki gampang nemahi sopo wae sik leno. Kadeden ing tlatah Jogja iki iso kanggo pelajaran tumrap sing iseh waras lan durung ketaman virus iki.


Aku lan kowe kudu iso cancut taliwondo kanggo nyengkuyung lan kanggo mbiyantu bot repote minimal manut protokol kesehatan sik di tulis karosik kawogan, saiki wong urip kudu iso urup lan iso kanggo bahan eling ngelengke maang sak podo-podo ben ora soyo ngremboko virus iki neng tlatah  ngendi wae.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Joglosemar Selengkapnya
Lihat Joglosemar Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun