Selang infus kuwi iseh dipasang lan tabung nafas ugo iseh dinggo, aku ora lali kandamu eektu kuwi.
"Mas aku bali " kandamu lewat WA
"Piye tak jemput nemg badara YIA to?" Â Balesku
"Yo mas neng iki aku iseh neng Batam" aku kaget ngopo
"Kok mampir kono?" Takonku sajak kaget
"Kabeh sik soko Hokong dikarantina mas klebu aku ugo" kandane marang aku
Aku sik kurang update opo kurang kepo bener yen virus corona kuwi nyebar saka Wuhan cina nganti Yogya aku kaget maneh njola atiku.
"Awake dhewe sido  bar bakdo syawal to mas?" Aku iseh kelingan janji cinta kami, aku ora cidro dik
"Yo dik" jawabku kolo semono
Dadi TKW salah sijine sik kudu di ayahe calonku aku neng kene mburuh sak kecekele obahke bau kanggo tresna sejatiku. Virus iki nyebar sak ndonyo nganti kene aku gek ngertii bahaya neng sepiro abote aku percaya gusti Allah tetep nduwe obati, aku optimis.
Ora kabeh wong iso nyeraki bangsal perawatane aku isone amung ndelok lewat cctv kang di share soko ruang isolasi.
"Resikone yen dadi tkw neng monco negaro kabeh ngene iki"