NASIBE manungsa lir lakune cakra manggilingan. Ratri aweh pratandha menawa rina bakal dumadi. Mendhung kang kasapu lesus dadi sarana tumurune udan lan jumedhule srengenge ing langit resik. Prahara kang mawartakake menawa wayah suka pari suka bakal tumeka. Semono uga kasangsarane Rinten kang matahun-tahun kasandhang kuwi saiki wus paripurna. Rikala dheweke gelem dadi simpenane Salimun. Juragan rongsokan kang yuswane wus lingsir.
Ing ruwang ngarep, Rinten nonton televisi anyar 20 in kang lagi wae ditukokake Salimun. Siaran pawarta operasi garukan para pramunikmat dening para aparat keparat kuwi ngelingake marang lelakone kang kapendhem jero. Dheweke sanalika kelingan marang kanca-kancane kang isih makarya dadi perek ing sacedhake stasiun.
Luh mrentul ing pipine Rinten. Wong wadon kang rikala cilike wis ditinggal mati kunduran dening mbokne. Saengga ora ngerti bapakne kang miturut mbokdhene tega ninggalke mbokne kang lagi bobot 3 sasi iku mung bisa donga. Muga-muga kanca-kancane enggal ana kang gelam ngentasake saka kedhung embel. Sadurunge pikirane nglambrang adoh, Rinten krungu lawang ngarep dibukak sawijine pawongan. Ora luput panggraitane, menawa Salimun kang bukak lawang.
"Isih sore kok wis nggilir Kang? Aku wedi menawa lelakon iki bakal dikonangi bojomu. Aku ora pengin gawe perkara. Uripku wis kebak perkara."
"Aku teka saperlu ngudhari perkara. Bojoku setuju menawa kowe resmi dadi bojo nomku. Amarga dheweke nglenggana menawa ora bisa nurunake anak kang bakal nyambung sejarah uripku. Sadurunge pletheking srengenge kowe kudu mulih. Sorene aku bakal teka neng omahmu. Nglamar karo wong tuwamu."
"Aku ora duwe wong tuwa, Kang. Sadurunge neng kutha iki, aku mung urip karo Mbokdhe. Menawa kowe kepengin nglamar aku, nembunga karo Mbokdhe. Dheweke wis dakanggep wong tuwaku dhewe."
"Aku manut." Salimun ngrogoh domphet kulit saka sake. Nglolos dhuwit sepuluh lembar atusan ewon. "Tampanana dhuwit iki kanggo sangumu bali sesuk neng desa!"
"Matur nuwun!" Rinten ngaras pipine Salimun. "Ngombe susu, Kang! Cap Bendera apa cap Nona?"
"Babagan susu gampang. Sing wigati, aku kudu bali. Nyiapake ubarambe kanggo lamaran. Enggal dikunci lawange, Ten! Aku ora pengin ana lemut nggepok awakmu."
Rinten jiwit tipis bangkekane Salimun kang kesusu ninggalake omah kontrakan kuwi. Senajan ora dikeloni Salimun, atine Rinten wengi kuwi bungah banget. Dheweke bakal ketemu karo mbokdhene kang manggon neng desa.