Â
Lagu Candle in the Wind-ne Elton John kang ngebaki ruwangan warnet, ngelingake aku marang Prastiwi. Pacanganku rikala kuliah ing UGM rongpuluh taun kapungkur. Wong wadon kuwi wus tega medhot tali katresnanku. Amarga dheweke kepeksa nuruti panjaluke sakloron wong tuwane. Urip bebrayan karo juragan tahu kang lagi monjo usahane.
Menawa kelingan karo Prastiwi, tatu atiku kang wus mari rinasa perih. Nanging rasa perih kuwi kaya antuk tamba, rikala mitra Nuryana chatting lelantaran Messenger. "Piye kabare, Win?"
"Apik. Kabarmu apik to?"
"Pangestumu."
"Kabare kanca-kanca Yoja piye?"
"Ajeg. Mas Indra isih nulis cerpen, Jemek isih kerep pentas pantomim. Kang Barjo isih gawe wayang boneka lan nyambi usaha warung angkringan. Mas Agus isih kerep nongkrong neng sangisore ringin TBY. Kang Rudi lan Mas Dono tansaya mendem Facebook. Kowe ditakoke Wiwik." Â Â Â Â
Sial! Sadurunge aku mangerteni sapa satemene Wiwik. Pawongan kang durung daktepungi kuwi, Nuryana wus off line. Kaya asep sigaret, pikiranku kumebul sajroning ruwang warnet kang panas, Amarga AC-ne mati rikala ngancik tengah wengi mau.
Tan beda reca kang ora mudheng apa bakal ditindakake, aku mung jinggleng sangarepe layar Facebook kang Messenger-e kebak pesen tanpa makna tumrap uripku. Nanging sadurunge logout, ana pawongan kang ngaku Wiwik kepengin dadi mitraku. Panjaluke pawongan kuwi dakturuti.
Durung ana wektu kanggo mangerteni profile lan foto pasuryane Wiwik, pawongan kuwi ngirim pesen lelantaran messenger. "Sugeng dalu, Mas."