Aku lair lan gedhe ing Bogor. Nanging saiki aku kuliah ing salah sawijing universitas ing Surabaya, jurusan Pendidikan Guru Pendidikan Anak Usia Dini (PGPAUD). Ing semester iki, aku nampa kesempatan kanggo mobilotas akademik menyang jurusan Pendidikan Guru Sekolah Dasar (PGSD). Salah siji mata kuliah ing jurusan PGSD yaiku Basa Daerah, lan amarga aku kuliah ana ing Jawa Timur, mula sing diajarke yaiku Basa Jawa.
Minggu kaping telu nalika perkuliahan, aku lan kanca-kanca nampa piwulang babagan Modul Ajar Basa Jawa. Nalika semana, kanca-kanca padha maju presentasi ngenani isi lan struktur modul ajar sing wis disiapake. Sakdurunge, aku sejatine wis tau sinau lan nyusun modul ajar nalika semester sadurunge, nanging sing mingunakake basa Jawa anyar pisan iki. Sanajan mangkono, aku ora rumangsa kesulitan banget nalika nggarape, amarga struktur module wis dakpahami sadurunge. Aku mung kudu nerjemahake isi lan komponene menyang basa Jawa kanhti luwih tepat dan sopan.
Sakwise presentasi rampung, Bapak dosen rawuh lan nerangake kanthi luwih jero babagan fungsi komponen ing modul ajar. Panjenengane nerangake manawa modul ajar iku kudu ngemot tujuan, sarana-prasarana, langkah kegiatan, lan strategi pembelajaran sing disesuaikan karo kebutuhan siswa. Bapak dosen uga maringi piwulang yen modul ora mung dokumen administratif, nanging uga minangka wujud kreativitas lan inovasi calon guru.
Ing pungkasan perkuliahan, dosen maringi tugas marang aku lan kanca-kanca kanggo nyusun mocul ajar Basa Jawa kanthi versi kita dhewe, bajur diajokake dadi HKI. Wektu kuwi aku rumangsa seneng nanging uga tantangane gedhe, amarga iki psananku nggawe karya akademik nganggo basa Jawa. Sanajan dudu basa ibuku, aku nyoba nulis nganggo tembung sing sopan lan makna sing bener.
Saka pelajaran iki, aku sinau akeh babagan basa lan budaya Jawa. Aku dadi ngerti yen sinau basa daerah orang mung kanggo nambah kawruh, nanging uga kanggo ngajeni kabudayaan lokal lan ngrasakake piwulang urip sing ana ing saben tembunge. Mugo karya modul ajar iki bisa dadi tuladha cilik yen mahasisqa saka daerah liya uga bisa melu nglestarekake kabudayaan Jawa kanthi cara sinau lan nyipta kanthi ati.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI