Mohon tunggu...
Anya Anindia Cheryl
Anya Anindia Cheryl Mohon Tunggu... Mahasiswa

Hasil yang indah tidak terlahir dari langkah yang mudah

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Sinau Cerkak: Ora Mung Maca Crita, Nanging Ngluhurake Budaya Jawa

15 Oktober 2025   14:15 Diperbarui: 15 Oktober 2025   14:15 11
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Budayanusantara.web.id

Nalika sinau mata kuliah Basa Daerah, ana siji topik sing marakke aku tambah tresna marang basa lan budaya Jawa, yaiku cerkak utawa cerita cekak. Awit sepisanan maca cerkak, aku langsung krasa yen karya sastra iki ora mung nyritakake kedadeyan, nanging uga ngemot piwulang urip, rasa, lan kabijaksanaan wong Jawa sing jero.

Cerkak iku karya sastra cendhak sing isine nyritakake kedadeyan ing urip saben dina, nanging nganggo basa sing endah lan makna sing jero. Ing perkuliahan, aku sinau ngenani unsur-unsur cerkak kaya tema, tokoh, alur, lan amanat. Nanging sing paling penting, aku sinau carane maca cerkak kanthi rasa, supaya bisa ngerti makna sing didhelikake ana ing saben ukara.

Nalika dosen maringi tugas kanggo nulis cerkak, aku sinau ngolah basa lan ngungkapake gagasan nganggo cara sing luwih kreatif. Ora gampang, nanging saka kono aku ngerti yen nulis cerkak ora mung babagan nyusun crita, nanging uga ngenalake karakter lan budaya Jawa marang generasi saiki. Basa Jawa sing dakanggo dadi jembatan kanggo ngungkapake rasa lan gagasan kanthi luwih tulus.

Saka pengalaman sinau iki, aku rumangsa yen cerkak bisa dadi sarana pendidikan karakter. Akeh cerkak sing nggawa piwulang moral, kaya kejujuran, kerja keras, utawa rasa hormat marang wong tuwa. Mula saka kuwi, minangka calon guru sekolah dasar, aku pengin ngenalake cerkak marang bocah-bocah supaya padha tresna marang basa lan budaya dhewe.

Cerkak ora mung kanggo wong diwasa, nanging uga bisa dadi bahan sinau sing nyenengake kanggo siswa. Kanthi cerkak, bocah-bocah bisa sinau basa Jawa kanthi alami, ora mung ngapalake tembung utawa unggah-ungguh, nanging uga ngrasakake jiwa lan nilai-nilai sing ana ing basa kuwi.

Mula saka iku, sinau cerkak iku ora mung maca crita, nanging uga ngluhurake budaya Jawa. Ing saben ukara lan piwulang sing ana ing cerkak, kita bisa nemokake jati diri bangsa sing kudu dijaga. Cerkak iku dudu masa lalu, nanging dadi cara kanggo nyambungake masa lalu, saiki, lan masa ngarep liwat basa lan rasa Jawa sing endah.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun