Mohon tunggu...
Fahima Diniyah
Fahima Diniyah Mohon Tunggu... Mahasiswi S1 PGSD UNESA

FAHIMA DINIYAH Seorang Mahasiswi PGSD UNESA yang memiliki hobi membaca dan jalan-jalan

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Panggonane Guru Masa Ngarep! PGSD UNESA Nyetak MC Profesional Lumantar Sanggar MC Panggih lan Tedhak Sinten

14 Oktober 2025   18:20 Diperbarui: 14 Oktober 2025   18:20 18
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
foto pamflet/poster sanggar MC PGSD UNESA 2024M

Swara lembut nanging teges krungu nggemuyung ing ruang perkuliahan PGSD Universitas Negeri Surabaya (UNESA) saben dinten Senen jam 09.00 esuk. Ing wekdal punika, para mahasiswa melu sanggar ekstrakurikuler MC Jawa "Panggih lan Tedhak Sinten", sawijining panggonan kang ora namung nglatih kaprigelan ngendika, nanging ugi nandur rasa tresna tumrap kabudayan Jawa.

Kanthi bimbingan dosen profesional MC Jawa, para mahasiswa dipun paringi kawruh ngenani makna lan nilai-nilai luhur ing saben tradisi Jawa. Kegiatan punika boten namung sekadar sinau carane medhar sabda, nanging ugi minangka pembentukan karakter, unggah-ungguh, lan tepa slira kang wigati tumrap calon guru sekolah dasar.

Saben pertemuanipun dipun lampahi kanthi fleksibel, kadhangkala lumantar Google Meet (online) nalika mahasiswa boten saged rawuh kanthi fisik, lan kadhangkala kanthi tatap muka langsung (offline) ing kampus. Nalika pertemuan offline, mahasiswa saged praktik langsung ngasta acara adat kados panggih manten lan tedhak sinten, kanthi bimbingan langsung saking dosen ahli MC Jawa.


"Sanggar punika boten namung nglatih ngendika, nanging ugi nggulawenthah rasa lan tata krama. Supados calon guru boten namung saged nerangake pelajaran, nanging ugi dados tuladha tumrap para siswa," ngendikanipun dosen pembimbing kanthi semangat.

Nalika latihan praktik, mahasiswa dipun ajari carane ngatur intonasi, ngendhaleni panggung, ngatur gestur awak, lan ngginakaken basa krama alus kanthi luwes. Wonten ugi simulasi acara adat, sangga mahasiswa saged ngraos langsung suasana budaya Jawa kanthi cara sing nyenengake.Mahasiswa nampi manfaat ageng saking kegiatan punika. Salah satunggalipun, kulo Fahima Diniyah,ngaturaken pengalaman kulo  kanthi rasa bangga.

"Rumiyin kulo isin lan gugup yen kedah medhar sabda ing ngajengipun tiyang kathah. Nanging sawise melu sanggar punika, kulo dados luwih percaya dhiri, saged ngatur swanten kanthi becik, saha langkung ngraos tresna kaliyan budaya Jawa," ujar kulo.


Sanggar Panggih lan Tedhak Sinten dados wadah pelestarian budaya ing tengahing jaman modern. Mahasiswa boten namung sinau babagan carane paring sambutan utawa memandu acara, nanging ugi ngraosaken filosofi urip ing saben tradisi Jawa. Kados ta makna panggih manten minangka pralambang nyawiji antarane loro jiwa kanthi restu lan pangestu, lan tedhak siten minangka simbol wiwitaning lelampahan urip manungsa.

PGSD UNESA kanthi bangga nglantaraken sanggar punika minangka panggonan nyetak calon guru masa ngarep sing ora namung pinter ing akademik, nanging ugi sugih rasa budaya, luhur budi, lan trampil ngendika kanthi unggah-ungguh.

"Lewat mikropon, mahasiswa ora namung ngucapake tembung, nanging ugi nguripake kabudayan. Pendidikan lan budaya saged nyawiji dados siji kekiyatan," pangandikan salah satunggaling mahasiswa kanthi rasa bangga.

Kanthi semangat lan komitmen kang dhuwur, sanggar Panggih lan Tedhak Sinten dados panggung lahire guru-guru masa ngarep sing duw swara lan duw rasa, guru sing saged ngajar kanthi ati, lan nguri-uri warisan budaya bangsa kanthi lampah nyata.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun