Mohon tunggu...
Fajar Laksana
Fajar Laksana Mohon Tunggu... Freelancer - Founder Jawasastra Culture Movement

Wingi aku weruh, mula aku aweh wewarah. Saiki aku winarah, wayahe nitipriksa pribadhi wantah

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Akses VIP Pawang Hujan terhadap Tuhan 2-2 (Habis)

5 Desember 2019   03:43 Diperbarui: 5 Desember 2019   03:53 30
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Apa daya linuwihe pawang udan bisa disinaoni kanthi piranti modern utawa kasarane digoleki piye cara kerjane? Hla nek iki embuh meneh. Jenenge wae daya linuwih, arep kok logiske ya bisa ketemu bisa ora, nek nganti ora ketemu mung marai pecah ndase.

Nek saka spekulasine kancaku sing dheweke nate dadi praktisi supranatural bisane pawang udan nerak udan kuwi kanthi migunakake lakune angin. Tegese, udan kuwi ora bisa dienda utawa diselaki lha wong wis pepesthine Gusti. Nanging, gandheng udan mau gumantung marang mendhung, mula para pawang migunakake playune bayu supaya bisa nggusah mendhung menyang papan liya.

Perang Antarane Pawang Udan

Iki ana kedadeyan nyata sing nek dipikir bakal ora tinemu nalare, yaiku perang antarane pawang udan. Ing tlatah Jawa contone nalika teka wayahe 'mangsa kawine manungsa', biyasane tiba sakbare riyaya besar. Sakdesa ora mokal duwe acara resepsi rabi nganti luwih saka sepuluh cacahe. Mengkono kuwi tanggale ya urut, kaya-kaya ora ana preine nekani wong duwe gawe. Durung meneh nek acara tempuk utawa barengan ing tanggal sing padha.

Anane musim kawin mau cetha dadi jalaran larise jasa pawang udan, nanging jenenge wae desa mesthi wilayahe rak amba, mula menawa ana acara nikahan sing bareng paling dileti dusun. Dilalahe, antara dusun siji lan dusun liya sing padha-padha duwe gawe acara rabian, jebul nganggo pawang sing beda.

Tanggung jawabe pawang wis cetha kudu nerak udan, sok-sok ora ngerti nek mendhung sing digusah malah tumuju papan duwe gaweyene liyan. Kamangka, ing papan kana mau uga ana wong duwe gawe sing nganggo jasa pawang udan, mendhunge dibuwang tumuju papan liya sing uga papan kuwi duweni gawe. Saka kedadeyan kuwi, mula ana perang tandhing kasekten antara pawang udan.

Aku nate nemoni kedadeyan perang antarane pawang udan. Nalika nemahi kahanan kaya mengkono, langite dadi molah malih, sok-sok peteng, sok-sok padhang. Udan sing tiba ora rata, malah bisa diarani pindhah-pindhah. Nek dudu amerga anane perang antarane pawang udan, amerga apa meneh? Kedadeyan alam? Sajake ora mungkin, lha wong tibane udan bisa molah-molah, lakune mendhung kaya ora laras, ana sing mlayu mengetan, ana sing mlayu mengulon.

Pawang Udan lan Garinge Bumi Yogya

Saiki tak critani sithik saka pengalamanku ing Yogyakarta. Iki klebu crita sing sipate spekulatif, bisa tenanan, bisa ora. Nanging nyata saka pamanggihku, saka panemuku dhewe. Tanpa ana pamrih apa-apa.
Yogyakarta, sing arep didadekake punjering kabudayan ASEAN, gelem ora gelem kudu ngakehi panghargyan kabudayan. Lumrahe sarana kesenian, klebu kesenian modern. Jenenge wae acara kesenian, tetep butuh ngundang penonton ta? Mula ora beda adoh kaya acarane wong rabi.

Gandheng akeh acara, ora mokal saben acara ing Yogyakarta jaluk biyantu para pawang udan. Limpade pawang udan Yogyakarta, udan ora diparakake menyang tlatah kutha Yogyakarta, nanging dibuwang ing sakpinggire kutha. Pol adohe yan mengetan menyang Klaten.

Cilakane, acara ing Yogyakarta kuwi ramene ing pungkasan taun, antarane September tumekaning Desember. Saben wengi Yogyakarta duwe acara. Ana sing skala cilik lan skala gedhe. Mula ing pungkasan taun 2019 iki, kutha Yogyakarta ameh ora nate disabani udan. Udana ya paling mung pisan pindho, kuwi wae ora gumrejeg deres.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun