Aku sejatine lagi males nulis.
Apa maneh nulis  sing ana gegayutane karo sing jenenge politisi.
Sepisan, ing babagan tartemtu, lurus ati karo orane politisi, kadang luwih akeh mlencenge, tinimbang luruse.
Kapindho, apa maneh politisi sing atine wis ketunggangan kepentingan.
Byuh...politisi mangkono iku, la mbok abang iso diaturke ireng, ireng isa dikandhakke putih. Bener diomong salah, salah iso digawe pener.
Kaping telu, mula ora maido yen para pinisepuh biyen padha ngendika, ilat iku anane tanpa balung. Balung iso kanggo njejegake kulit sing lemes.
Coba dipenggalih sing jero, yen ana ilat nganggo balung...lambe setampah isa dadi selongan. La nggejojor je....
Conto:Â
Si Kapri, wingi ngomong sengit ora ndulit, karo sing jenenge lik Kowi. E...e...e, ora gantalan wektu, la kok iso ngomong nek pancen ora ana sing luwih becik, ya lik Kowi wae.Â
Nek mangkono iku, rak ya paribasane esuk dele sore tempe. Bocah saiki ngarani esuk njete...sore memble. Wakakakkak....
------------------
pojok kampus biru, 08-08-2017