Ana sawijining pratandha kang endah nalika bocah pisanan tumapakake sikile ing bumi. momen iku ora mung kekdadeyan lumrah, nanging uga  kagungan makna jero tumraping keluarga Jawa. Wong tuwa ing jaman biyan percaya, naliko bocah pisanan ngambah lemah, ssejatine dudu mung sinau mlaku, nanging uga wiwit sinau urip. Upacara iki disebut Tedhak Sithen, saka tembung tedhak tegese "mudun" lan siten tegese "lemah" utowo "tanah".
Ing saben prosesi Tedhak Siten, Â katon katrisnan lan pangajab gedhe saka wong tuwa marang anake. Ana tangga tebu wulung, kurungan ayam, lan piranti-piranti cicilik kang disimpen ana njero sangkare , saben saben sawijining duwe makna lan pangajab. Banjur kang mlebu kurungan banjur milih barang opo seng digandholake karo masa depane. Saka kene, masyarakat Jawa ndeleng urip kaya laku simbolis "saben tumindhak iku pilihan nggawa makna".
Ritual iki uga nelingake kita marang asal lan dhasar urip manungsa. Saka bumi kita lair, ing bumi kita ngambah lalampahan, lan bali marang bumi nalika wektu wis teka. Tedhak Siten dadi pangeling, yen saben langkah sing kita pijak kudu nganggu rasa eling, andhap asor, lan syukur marang Gusti kang nguripake.
Ing jaman iki, nalika teknologi lan budaya anyar padha mlebu ing saben papan, tradisi kaya Tedhak Siten kadhang mung dadi tontonan. Nanging sejatine, ing njero upacara sederhana iku ana piwulang gedhe babagan rasa syukur, tresna marang anak, lan ngajeni bumi. Piwulang sing ora bakal luntur senajan wektu obah.
Upacara Tedhak Siten biasae ditindakake nalika bocah wis ngancik umur pitu lapanan, yaiku kurang luwih umur oitung sasi kalender Jawa. Angka pitu dewe nduweni makna khusus, nggambarake pitulungan utawa pertolongan saka Gusti. Wong Jawa percaya, nalika bocah wiwit nginjak lemah, wektu iku uga dadi tandhs wiwitane bocah sinau mandirilan melbu jagad kang sejati.
Saben bagean saka Tedhak Siten ora mung minangka tradisi turun-temurun, nanging uga simbiol urip kang kebak filosofi. Ing ngarepe omah biasane wis disiapake tangga saka tebu wulung sing nduweni makna urip kudu manis koyo tebu, nanging uga kokoh lan jujur kaya wernae sing wulung (ungu peteng). Bocah banjur digendhong wong tuwa kanggo mudun saka tangga tebu mau, minangka pralambang  supaya saben langkahe anak tansah kalindhungan lan nampa manis paite urip kanthi ikhlas.
Sawise kuwi, bocah mlebu kurungan ayam utawa kurungan emas sing isine macem-macem barang, ana kitab, pit, dhuwit, perhiasan, alat tulis, lan liya-liyane. Saben barang nggambarake pangajab lan bakat sing bakal nuntun masa depan bocah mau. Yen bocah njupuk kitab, wong tuwa ndonga supaya dadi wong wikan lan duwe kawruh. Yen milih dhuwit, muga dadi wong kang sugih lan dermawan. Yen njupuk alat musik, muga dadi wong kang ngurmati seni lan keindahan. Ing sawetara papan, ana uga jadah lan jenang abang-putih, minangka pralambang tatanan urip antarane kabecikan lan kabecikan batin, antarane rasa lan logika. Ana uga beras kuning lan bunga setaman sing disawur dning simbah utawa wong tuwa minangka lambang pangayoman lan kabungahan tumrap bocah sing wis "tedhak" menyang bumi.
Tedhak Siten ora mung upacara kanggo bayi, nanging uga wewaler kanggo wong tuwa lan masyarakat. Saka prosesi iki, wong Jawa diajari ngurmati bumi minangka sumber panguripan. Bumi ora mung dadi panggonan ngadeg, nanging uga dadi pangeling supaya manungsa tansah eling marang asal-usule, saka lemah bali marang lemah. Ing wektu modern saiki, nalika akeh kulawarga sing luwih seneng ngadani pesta ulang tahun nganggo gaya manca, Tedhak Siten dadi pangeling supaya ora lali karo identitas budaya dhewe. Tradisi iki ora nglarang kemajuan, nanging ngajak supaya kemajuan ora ngilangake akar kabudayan. Tedhak Siten uga ngandhut piwulang yen urip iku lelampahan, lan saben lelampahan kudu diwiwiti kanthi rasa syukur, eling, lan andhap asor. Kaya bocah sing nginjak bumi pisanan, saben wong uga mesthi ngadhepi wiwitan anyar ing uripe  lan saben wiwitan iku pantes dirayakake kanthi doa lan rasa tresna.
                                                                           Â
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI