Mahasiswa Program Studi Pendidikan Guru Sekolah Dasar (PGSD) Kelas 2024H Universitas Negeri Surabaya nindakake kegiatan upacara Tedhak Siten minangka salah siji wujud nyata kanggo nguri-uri budaya Jawa. Kegiatan iki minangka bagian saka tugas mata kuliah Bahasa Daerah, kang ora mung ngupaya pangerten teori, nanging uga ngajari mahasiswa supaya bisa nyawiji karo kabudayan leluhur.
Upacara Tedhak Siten asalipun saking tembung tedhak (mlaku) lan siten (lemah/bhumi). Upacara iki lumrahe dipunlakoake nalika bayi wis umur pitung wulan utawa kira-kira 245 dina, minangka pralambang wiwitan panguripan anyar kanggo bayi sing wis bisa mlaku.
Tedhak Siten nduweni makna jero. Saliyane minangka ungkapan rasa syukur marang Gusti Allah, upacara iki uga minangka pangajab lan pangarep-arep wong tuwa supaya anake suk dadi pribadi sing becik, kuat, lan ngugemi kabecikan. Prosesi iki uga ngelingak menawa manungsa asal saka lemah, mula kudu eling lan andhap asor ing saben tumindak.
Â
Urutane Tedhak Siten
1. Mbasuh Suku
2. Ngelangkahi Jadah Warno Pitu
Saklajengipun, bayi dipun tuntun mlampah nglangkahi jadah warno pitu. Pitu warna punika pralambang saking warna-warni dalan gesang, ingkang kapenuhan kabungahan, cobaan, saha piwulang. Jadah ingkang lengket ugi tegesipun rejeki lan katresnan ingkang tansah nyambung antawisipun manungsa.Â