Mohon tunggu...
Vyds
Vyds Mohon Tunggu... Pelajar

Topik mengenai budaya Indonesia

Selanjutnya

Tutup

Foodie

Nasi Sambel Tumpang: Kelezatan Tradisional sing Ngangeni

4 Juni 2024   20:36 Diperbarui: 4 Juni 2024   20:38 90
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Foodie. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Freepik

     Nasi sambel tumpang iku panganan khas saka Kediri sing wis misuwur lan dadi favorit akeh wong. Ora mung ning Kediri, panganan iki uga disenengi saka wong njobo Kediri, contohe ning Boyolali sing akeh warung nyediakke nasi sambel tumpeng. Panganan iki gampang ditemokake ing warung-warung tradisional lan angkringan. Nasi sambel tumpang nduwe rasa sing unik lan khas, nggawe sapa wae sing ngrasakno dadi pengen nambah maneh.

Bahan-Bahan Utama

Bahan utama kanggo nggawe sambel tumpang yaiku tempe bosok. Tempe bosok iki dudu tempe sing rusak, nanging tempe sing wis difermentasi maneh nganti duwe aroma sing khas. Kajaba iku, sambel tumpang uga nggawa bahan-bahan liyane kaya lombok (cabai), bawang merah, bawang putih, kencur, laos, lan santan. Bahan-bahan iki digiling lan dicampur dadi siji, banjur dimasak nganti mateng.

Cara Masak

Pisanan, tempe bosok dipotong cilik-cilik lan digoreng setengah mateng. Banjur, bawang merah, bawang putih, kencur, lan laos digoreng nganti harum. Sakwisé iku, kabeh bumbu iki digiling nganti alus. Tempe bosok sing wis digoreng bareng karo bumbu sing wis dihalusake, banjur dimasak nganggo santan nganti mendidih lan mateng. Rasane kudu pedhes lan gurih, kanthi aroma tempe bosok sing khas.

Napa Disenengi?

Salah siji alesan kenapa nasi sambel tumpang iki disenengi yaiku amarga rasane sing unik lan ngingetke wong karo omah lan keluarga. Panganan iki uga nduwe nilai sejarah lan budaya sing kuat, nggawe wong-wong sing nglarapke ora mung ngrasakke rasa enak, nanging uga ngrasakke tradisi lan budaya sing diwarisake saka leluhur

     Nasi sambel tumpang iku ora mung panganan, nanging uga wujud saka kebanggaan lokal lan kekayaan budaya. Yen kowe dolan menyang Kediri utawa nemu warung sing nyedhiyakke nasi sambel tumpang, aja lali kanggo nyoba panganan iki. Kowe bakal ngrasakke sensasi rasa sing ora iso dilalekake lan, sapa ngerti, dadi ketagihan pengen mangan maneh.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Foodie Selengkapnya
Lihat Foodie Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun