Ing jaman saiki, nalika budaya global mlebu kanthi cepet, generasi enom kerep dianggep wis ora peduli maneh karo kabudayan dhewe. Nanging, mahasiswa Program Studi Pendidikan Guru Sekolah Dasar (PGSD) angkatan 2024 Universitas Negeri Surabaya mbuktekake yen asumsi kuwi ora mesthi bener. Kanthi semangat lan rasa tresna marang budaya Jawa, para mahasiswa iki nindakake latihan Tidhak Sinten lan Panggih minangka bagean saka tugas mata kuliah Basa Daerah. Sakdurunge proses rekaman video, saben mahasiswa padha nyiapake peran lan piranti adat kanthi tliti. Busana tradisional kaya jarik, kebaya lan blangkon disiapake, bebarengan karo sesaji kaya jadah, tumpeng, lan kembang telon. Kabeh dilakoni kanthi rasa seneng lan tanggung jawab amarga ora mung kanggo tugas perkuliahan, nanging uga kanggo nglestarakake warisan leluhur.
Tidhak Sinten utawa luwih dikenal minangka Tedhak Sinten yaiku salah siji upacara adat Jawa kanggo anak sing pisanan bisa mlaku. Upacara iki dadi simbol yen bocah wis wiwit mlebu tahap anyar sajrone uripe. Ing prosesi iki, ana piranti kaya jadah pitung warna, tangga tebu wulung lan kembang telon sing maknane nglambangake urip manungsa sing kudu dilakoni kanthi tekun, ati resik, lan usaha sing becik. Sakbanjure, ana prosesi Panggih, yaiku pertemuan antar pengantin kakung lan putri sawise dirias ing dina mantenan. Prosesi iki ngandhut makna pangayoman lan penyatuan loro jiwa kanthi tulus.
Ana uga simbol-simbol penting, kayata balangan gantal, wijik lan sungkeman sing nglambangake rasa tresna, hormat, lan tanggung jawab antar pasangan lan marang wong tuwa. Saka kegiatan iki, mahasiswa ora mung sinau babagan urutan prosesi adat, nanging uga ngresapi piwulang moral sing ana ing jerone kaya andhap asor, tanggung jawab, lan gotong royong. Salah siji mahasiswa ngandika, "Aku dadi luwih ngerti yen budaya Jawa iku ora mung seremonial, nanging ana piwulang urip sing ngenggoni saben tindak-tanduke." Latihan iki dadi bukti nyata yen generasi enom isih nduwe rasa tresna lan kepedulian marang budaya Jawa. Nalika akeh wong luwih kepincut karo budaya manca, mahasiswa PGSD UNESA 2024 iki milih tetep nglestarakake budaya dhewe kanthi cara kreatif yaiku liwat video tugas sing ora mung endah, nanging uga ngedukasi. Muga-muga saka pengalaman iki, semangat nguri-uri kabudayan Jawa bisa tetep urip ing ati generasi saiki lan sabanjure. Awit saka sinau prasaja iki mahasiswa ora mung nglakoni tugas, nanging uga nyinau piwulang luhur urip saka para leluhure.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI