Sajrone upaya nglestarekake basa daerah minangka warisan budaya bangsa, para mahasiswa Program Studi Pendidikan Guru Sekolah Dasar Universitas Negeri Surabaya nglaksanani proyek short film/film cekak nasehat kang inspiratif lan kreatif babagan 'Pramasastra lan Unggah-Ungguh Basa'. Kegiatan iki minangka perangan saka tugas proyek mingguan ing mata kuliah Basa Daerah, kang tujuwane kanggo nyemangati mahasiswa supaya bisa nguripake maneh nilai-nilai budaya lan tata krama Jawa lumantar karya film kang ngedukasi lan nyentuh ati.
Basa Jawa ora mung dadi piranti komunikasi, nanging uga nggambarake kepribadian lan tata krama saka sing nganggo. Salah siji ciri khas utama basa Jawa ana ing unggah-ungguh basa, yaiku aturan kesopanan nalika ngomong sing disesuaikan karo sapa lawan bicara, apa sing diomongake lan piye anggone ngetrapake basa kasebut . Lumantar unggah-ungguh basa, wong ora mung nyampekke omongan, nanging uga nuduhake rasa ajrih, andhap asor, lan tata krama sing wis diwarisake dening para leluhur. Nanging ing jaman saiki, kesopanan ing basa Jawa wiwit luntur amarga pengaruh gaya komunikasi sing kebiasaan nganggo campuran basa saben dina.
Amarga kuwi, usaha kanggo nglestarekake unggah-ungguh basa dadi penting supaya nilai-nilai kesantunan lan kesopanan ing basa Jawa ora ilang katelan jaman. Mahasiswa minangka generasi enom nduweni peran gedhe kanggo nguripake maneh nilai-nilai kesopanan iki lumantar karya kreatif lan edukatif, kaya ta pembuatan film cekak bertema unggah-ungguh basa. Lumantar karya iki, mahasiswa ora mung sinau migunakake basa Jawa kanthi becik, nanging uga nandurake nilai sopan santun ing saben tuturan supaya basa Jawa tetep urip lan lestari.
Ing pelaksanaan proyek film cekak iki, para mahasiswa luwih dhisik ngadani rembugan kanggo nemtokake gagasan lan konsep crita sing nyorotake pentinge njaga tata krama lan unggah-ungguh basa Jawa. Proyek iki melibatake sawetara tim, yaiku tim penulis naskah, tim produksi, tim pemeran, lan tim editor sing kerja bareng kanthi sinergis. Tim naskah ngrancang alur lan dialog sing ngemot nilai-nilai kesopanan, tim pemeran latihan supaya panyampaian pesen katon alami, dene tim produksi lan editor ngatur pengambilan gambar lan nyunting asil rekaman supaya film e katon apik lan nduweni makna. Saka kerja bareng iki, lahirlah film cekak sing ora mung nglipur, nanging uga nyadarke pentinge ngajeni lan nglestarekake tata krama ing basa Jawa.
Film iki ora mung dadi tontonan sing nyenengake, nanging uga ngemot piwulang moral lan nilai budaya Jawa sing jero. Lumantar crita lan dialog antarparaga, film iki ngajarake pentinge sopan santun, tata krama, lan rasa ajrih marang wong liya miturut unggah-ungguh basa sing trep. Piwulang iki ngelingake manawa kesopanan ora mung katon saka tembung, nanging uga saka sikap lan tindak tanduk saben dina.
Kajaba iku, film iki dadi sarana sinau sing efektif kanggo mahasiswa lan pamirsa supaya luwih nyadari pentinge nguri-uri basa lan budaya Jawa. Kanthi nonton lan melu nggarap film iki, mahasiswa ora mung mangerteni teori babagan unggah-ungguh basa, nanging uga bisa ngrasakake lan ngetrapake langsung ing uripe saben dina.
Saka film iki diarep-arep supaya isine ora mung narik saka segi visual lan alur crita, nanging uga bisa maringi pesen kuat ngenani pentinge njaga kesopanan lan tata krama ing basa Jawa. Pamirsa diajak luwih ngerti babagan unggah-ungguh basa lan carane ngetrapake kanggo nguatake hubungan sosial ing masyarakat.
Mahasiswa sing melu ing proyek iki uga nduweni pangajab supaya karya iki bisa dadi inspirasi kanggo generasi enom supaya luwih tresna lan bangga migunakake basa daerah, utamane basa Jawa, ing saben dina. Dheweke uga ngarep-arep supaya kegiatan kaya mangkene bisa terus dilanjutake, ora mung liwat film nanging uga teater utawa media kreatif liya. Kanthi mangkono, tradisi lan basa daerah ora mung sinau ana ing kelas, nanging uga bener-bener diuripake ing praktik saben dina.
Proyek film iki dadi bukti nyata manawa mahasiswa bisa dadi pelopor ing nglestarekake budaya Jawa kanthi cara sing kreatif lan migunani. Lumantar kegiatan iki, nilai-nilai kesopanan lan tata krama ora mung diajarke sacara teori, nanging uga diwujudake ing karya nyata sing inspiratif lan ndidik. Kanthi ngerteni lan ngetrapake unggah-ungguh basa, generasi enom bisa nglairake rasa bangga marang warisan leluhur lan njaga supaya budaya Jawa tetep urip lan ora luntur ditelan jaman.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI
