Mohon tunggu...
Srikandi
Srikandi Mohon Tunggu... -

abdi dalem kanjeng sultan

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Cakruk Pinggir Kali

17 Mei 2018   20:58 Diperbarui: 17 Mei 2018   21:37 395
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Esuk gasik kang Panut wis tekan sawah. Dina iki jatahe ndaut, wis teragenda nang hapene sing anyar, agi bar tuku nang pasar Paing minggu wingi. Jaman now ben dino pasaran, pasar Paing ono sing bukak dhasar hape. Ono sing murah ono sing rodo larang. Kang Panut tuku sing rego rong yuto, rong yuto kunthing alias rongatus ewu. Sanajan merk-e wes ra ketok, hasil fotone isih apik, jare bakule kui merk-e tue dehan. Jan koyo boso londo.

Rampung ndaut, kang Panut leyeh leyeh nang cakruk pinggir kali cerak kono. Ngisis karo nyawang ono gedhang sak tundhun manglung mlebu tegale sing nang perengan lor.  "Wah cetho iki, gedhange Peje masuk wilayahku tanpa ijin"

"Ngopo lik, grenengan dewe?" Ngerti ngerti Sukir wes lungguh cedhake. "Kowe ki nge get-geti wae lo, mbok uluk salam sik po piye." Semaure Kang Panut rodo tratapan. "Kae lo, ono gedhang manglung nang kebonku." " La kae rak gedhange si Peje to lik." "Welho, la nek mlebu nang wilayahku ki lak yo berarti duwekku to, Kir." Wit gedange pancen nang lemahe Peje, embuh ngopo kok yo rodo doyong ngulon, mbok menowo kabotan wohe dadi saiki gedhange manglung nang kebone kang Panut. "Dadi sah duwekku" "wooo nek ngono iso keno pasal kowe Lik,

"Eh Lik, ngerti ra sedhelo meneh Bantul ki arep ono sing jenenge Lapor Bantul" "Kowe ki piye to Kir Sukir, dadi bocah ki yo mbok sing rodo cerdas, nek lapor ki yo lapor pulisi, po pak rete po pak lurah, ngono lo, mosok yo lapor bantul, gek bantul ki pangkate opo."omonge Kang Panut karo ngulapi hapene sing rodo gupak lendhut. "Wo la cetho nek ra gaul kih, ra pengalaman, lapor Bantul ki bagian seko Smart City, Smart City mesti yo ra ngerti." "Semar Siti ki sopo meneh, wargo anyar po piye." Semaure Kang Panut ra mudheng. "Wah jan, tobat tenan, mulakno ki sok moco koran, dadi ngerti ombyaking jaman. Smart City ki tegese kota pintar, opo opo sarwo cepet sarwo nganggo teknologi, sesuk bakale nek ono keluhan seko warga koyo awake dewe ngene iki bakal cepet oleh tanggapan seko sing berwenang. Ngono kui lo Lik. Nek butuh luwih cetho sesuk matur pak lurah. Aku nek kon crito sing dowo yo rung patio mudheng." "Wolha tibake yo mung podho."

 Wit gedhang sing wis doyong, kanginan ngerti ngerti rubuh. Kang Panut karo sukir keplayu nututi, bakalan mangan gedhang iki.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun