Mohon tunggu...
Drajat Wibowo
Drajat Wibowo Mohon Tunggu... wiraswasta -

SMAN 1 Pati

Selanjutnya

Tutup

Filsafat

Bukti Menjadikan Suatu Klaim Mempunyai Nilai

29 Mei 2014   10:49 Diperbarui: 23 Juni 2015   21:59 92
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Filsafat. Sumber ilustrasi: PEXELS/Wirestock

‪#‎ Kasus‬1# Andha Rante : Aku nduwe dhuwit ringgit Malaysia... Saridin : Buktekna yen pancen kowe nduwe tenan..... Andha Rante : Delok iki buktine (karo ndudohna dhuwit Malaysia ne). Sawijining pambuktèn kanyata mung proses kang sedherhana, yaiku ndudohna apa kang diklaim kuwi mau.

#Kasus 2# Andha Rante : Listrik kuwi ana..... Saridin : Jajal buktèkna yen listrik kuwi bener-bener ana..... Andha Rante : Delengen iki buktine, yen pandom volt meter iki mlaku nengen ateges ana arus listrik. Klaim tumrap samubarang kang abstrak ( ora isa dideleng mripat) uga isa dibuktekna nganggo macem-macem metode/alat bantu. Barang abstrak, sanajan ora ketok nanging tetep kudu isa dibuktekna kaanane.

#Kasus 3# Saridin : Aku nduwe truwelu sing isa mabur... Andha Rante : Endi buktine yen kowe bener-bener nduwe truwelu sing isa mabur..... Saridin : Wis POKOKE aku nduwe, perkara kowe gak percaya, aku ora urusan..... Andha Rante: Aku gak percaya yen kowe tenan nduwe truwelu sing isa mabur, yen aku durung weruh dhewe..... Saridin : Saiki ngene, BUKTEKNA yen aku ora nduwe truwelu sing isa mabur. Yen kowe ora isa mbuktekna yen aku ORA NDUWE truwelu sing isa mabur, ateges pancen aku nduwe tenan..... Andha Rante : Kuwi jenenge LOGICAL FALLACY BURDEN OF PROOF. Wajibe sing menehi bukti ana ing pihak kang ngeklaim, ora ana ing pihak sing nolak klaim, soale klaim butuh bukti ben klaim kuwi ana artine......

#Kasus 4# Saridin : Tuhan kuwi ana..... Andha Rante : Coba buktekna yen Tuhan kuwi ana..... Saridin : Alam semesta sing komplek lan teratur iki ora mungkin yen ora ana aktor intelektuale, lan samubarang sing teratur mesthi ana apa-apa kang njalari kuwi mau..... Andha Rante : Kuwi jenenge LOGICAL FALLACY ARGUMENTUM AD IGNORANTIUM. Nyimpulna sawijining jawaban bab apa tah apa durung isa yen dianggep bukti...... #Kasus 5# Saridin : Tuhan kuwi ana..... Andha Rante : Ya coba buktekna yen Tuhan kuwi pancen ana...... Saridin : Para guru besar, profesor, ulama, wong-wong pinter lan arep kabeh manungsa ing ndonya percaya yen tuhan kuwi ana..... Andha Rante : Kuwi jenenge LOGICAL FALLACY ARGUMENTUM AD POPULUM. Akehe jumlah ora isa didadekna bukti bener apa salah, jalaran statistik kuwi nduweni sifat kang fluktuatif utawa isa munggah utawa medhun.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun