Tangga sebelah omah lagi ono acara, mantu anak wedok. Wiji sing kaet rong sasi kepungkur dikabari kon ewang-ewang isuk iki wis ketok ayu. Ewang-ewange Wiji ora kon masak utawa nyiapno keperluan resepsi ning kon dadi penerima tamu. Prini, sing nduwe gawe, sengaja nyaluk kanca-kancane dadi penerima tamu. Dheweke sengojo ora milih arek enom-enoman. Ono wong papat sing didandani. Kaet shubuh Wiji wis tangi, siap di-make up. Anak bojone sing sik turu dijarno.
Nang omahe Prini wong-wong wis padha teka, rame. Sing rewang wis umek kaet isuk, malah kaet bengi. Wiji karo kanca-kancane sing wis ayu metu saka kamar, siap kate nerima tamu.
"Pak," celuke Wiji pas ndelok bojone teka.
"Sinten nggih?" takone Diman.
"Aku, pak, bojomu," omonge Wiji.
"Mosyok? Ayu men?"
Wiji mesam-mesem. Sakjoke rabi karo Diman durung tau maneh macak kebayaan lengkap tur di-make-up-i. Ora mung Wiji sing seneng, Diman yo melu seneng ndelok bojone. Wis lali rasane ndelok bojone kaya ngunu. Awake sing seger ketok pas atek jarik siset, semok. Tomin sing kaet tangi nggoleki bapak emake. Arek lanang sing wis dikandani kon ewang-ewang iku bingung kate lapo. Pas moro, ndelok bapake lagi mesam-mesem karo wong wedok arek lanang iku melu gelo.
"Pak, goleki mak'e kae lho," omonge mbujuk.
"Lha iki wis temu," saure Diman.
Tomin nyedek. Wong wedok nang sandinge bapake disawangi.
"Wis sarapan gurung?" takone Wiji.