PURBALINGGA-Neng Desa Selakambang Kecamatan Kaligondang Kabupaten Purbalingga,ana lemah kosong sing ngasi siki oranana sing gelem nduweni.Masa sih?ceritane kprw kue? ana lemah amba sing kosong ningen oranana sing kepengin duweni,luwih-luwih neng tlatah pemukiman padhet pandhudhuk, apa maning saben jengkal lemah wis terukur lan tersertifikasi,dadi angel dibayangna.Bukane lemah kue aset berharga sing bisa didol tinuku karo rega sing dhuwur? penasaran kan,pengin ngerti kelanjutane?
Miturut cerita, seurunge lemah sak ukuran 2 meter persegi kuwe dibangun tugu kaya lingga yoni, akeh wong nganggep tanah kuwe nduwe tuah (keunggulan/kesaktian). Lemah kuwe oranana sing nduweni , ora mlebu ning sertifikat warga siji-sijine nang Desa Selakambang, Kecamatan Kaligondang, Purbalingga, Jawa Tengah.Senajan ora ana tilas utawa bangunan apa bae neng ndhuwur lemah kuwe, panggonan kuwe biyen kerep diziarahi karo wong-wong sekang njaba desa.Wong-wong pada percaya nek lemah kuwe keramat, nganti akeh sing pada njaluk berkah macem-macem, kaya pesugihan, jodoh, nganti golet nomer togel. "Malahan ana sing nginep nang kono pirang-pirang wengi," jare Sulung Purnomo maring Tribunjateng.com, Senen (9/9/2019). Wong Dusun Beji, Desa Selakambang kuwe nerangna nek lemah kuwe ora mlebu nang sertifikat lemahe keluargane. Senajan, lemah kuwe ana nang pekarangan umahe Kusno, bapane Sulung. Semono uga tangga-tanggane sing lemahe perek karo lemah sing ora ana sing nduwe kuwe.
"Nang sertifikat nyong, lemah kuwe ora mlebu," jare deweke. Sulung ora ngerti temenan asale lemah kuwe nganti ora ana siji-sijia wong sing nduwe. Mergane ora ana sing nduwe, wong-wong pada nyeluk Lemah Lewih. Mbiyen, jare Sulung, nang nduwur lemah kuwe tau ana wit klapa seurunge rubuh. Bar kuwe, lemah kuwe mung dadi gumukan pesagi sing luwih dhuwur timbang lemah sakiwa tengene. Nduwure tikil suket-suket liar. Nganti lemah kuwe gundhul ora ana wit-witan dhuwur, lemah kuwe tetep ora dienggo apa-apa. Tapi nggo wong sing percaya nek lemah kuwe wingit(kramat), akeh sing pada golet berkah. Ora ngerti sebabe apa, lemah kuwe nganti siki ora ana sing nduwe. Kayane ya, ora ana sing gelem nduweni.
Wong-wong kono nyeluk lemah sing ora ana sing nduwe kuwe nganggo jeneng Lemah Lewih nang basa Banyumasan. Nang basa Indonesia artine tanah sisa utawa lemah kakehan. Lemah kuwe ora amba, mung sakira 2 meter pesagi. Bar dianggep keramat karo wong-wong sing percaya nek lemah kuwe wingit(kramat), wong-wong kono mutusna nggawe tugu.
 Tugune kaya lingga yoni, modele undhak-undhakan dhuwure sakira 1 meteran. Katulis nang tugu kuwe "Lemah Lewih" nganggo huruf latin dadi tandha lemah kuwe. Sulung syukur, bar lemah kuwe ditutup bangunan, panggonan kuwe wis ora disalahgunakna wong. Saiki, anane tugu kuwe nambahi daya tarik wisata Umah Wayang sing dikelola Sulung lan bapane dadi rintisan Badan Usaha Milik Desa (BUMDes). Jarene, Lemah Lewih ana hubungane karo Ki Purwasuci, wong sing mbabad alas desa kuwe. Ki Purwasuci mbagi-mbagi lemah maring anak-anake. Sulung ora ngerti kepriwe akhire lemah kuwe bisa keri nganti dijenengi Lemah Lewih.
 Apa Ki Purwasuci sengaja nyisakena lemah kuwe merga ana alasane? Apa sejarahe sing mbentuk mengkono? Kedadeyan kie esih dadi pitakonan.(Putri Cantik & Anisa Putri)
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI