Siraman yaiku salah sijine upacara kang dumadi ing prosesi pernikahan adat Jawa. Siraman dumadi saka tembung siram sing artine guyur utawa mandi (adus). Upacara iki ditujukake supaya calon pengantin dadi resik saka spiritual lan nduweni ati kang suci, sakdurunge berumah tangga. Upacara iki dianakake sedurunge ijab Kabul ing omahe calon manten. Biasane utawa lumrahe wong tuwa sing nyirami sepisanan banjur diterusake karo sedulur liyane lan uga pemaes nganti gunggung pitu.
Uba rampe sing kudu disiyagakake antarane yaiku : wadah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu; banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari) sing kejipuk saka 7 sumber; kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang kantil, kembang cempaka utawa kembang gadhing), lan kembang kenanga; wedhak teles limang warna kanggo sabunan; sampho tradhisional saka awu merang; duduh klapa; banyu peresan jeruk; klapa loro sing dibungkus karo klasa amoh; kain putih; godhong dlingo-bengle; kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala; kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu; kain batik motif grompol lan nagasari; andhuk; kendhi; gayung(siwur). Banjur nganakake rantaman ing upacara siraman, yaiku:
Masang blaketepe lan tuwuhan, kanggo nyeyupi papan kanggo mantu,
Ngirim toya perwitasari menyang calon penganten pria, yaiku sawise banyu 7 sumber dicampur karo kembang setaman, dijipuk sethithik banjur digawa menyang omahe calon penganten pria,
Sungkeman, sadurunge siraman, calon penganten sungkem marang wong tuwane,
Dedonga,
Siraman, sing nyiram sepisan yaiku bapak banjur ibu penganten lan diterusake para penisepuh uga kalebu juru paes,
Saderet prosesi kui mau nduweni makna sing jero banget kanggo akuripan wong kang manten. Upacara iki dadi simbol kanggo ngluruhake kabeh hal sing negatif saka awak calon penganten supaya bisa masuk ing gerbang pernikahan kanthi jiwa kang resik/suci.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI