Guru ora mung dadi panyampe wulangan, nanging uga dadi pangreksa budaya lan jati dhiri bangsa Jawa. Kanthi nguwasani basa Jawa, guru bisa nularake unggah-ungguh, tata krama, lan ajining laku marang siswa. Mulane babagan Jawa iku perlu banget dipelajari, luwih-luwih dening para tenaga pendidik. Pramila PGSD UNESA menehake mata kuliah kanggo mahasiswane arupa mata kuliah basa daerah. Salah sijine materi kang diajarke yaiku aksara jawa.
Aksara Jawa awit saka aksara pallawa india kang mlebu menyang nuswantara wataraning abad menyang 4 masehi, banjur ngembang dadi aksara jawa kawi ing abad menyang 6 nganti 7 masehi. Karo lumakune wayah aksara jawa kawi disederhanakne dadi aksara jawa Hanacaraka kang ditepang saiki sarta wiwit aktif wiwiting abad menyang 16.
Aksara Jawa dudu mung sistem tulisan kang digunakake kanggo nulis tembung utawa ukara. Aksara iki uga dadi perwujudan seni lan kabijaksanaan budaya Jawa sing wis ngrembaka wiwit jaman kuna. Saben hurufe nduweni lengkungan, garis, lan titik sing ora mung endah dideleng, nanging uga ngemu makna filosofi urip.
Nalika ndeleng aksara Jawa, kita ngrasa yen saben bentuke kaya ana garis sing ngalun alus kaya irama gamelan, ana lengkungan sing lembut kaya gerak tari jawa seng alon lan lembut. Ora kaget yen wong-wong mbiyen nganggep nulis nganggo aksara jawa iku ora mung tumindak nyerat, nanging uga nglukis nganggo roso.
Makna filosofi sajroning aksara iki iso didelok saka hurufpisanan "Ha" nganti pungkasan "Nga" dadi pralambang pungkasaning urip. Aksara iki ora mung ngandhut ilmu nulis, nanging uga ngelingake manungsa marang asal lan tujuane. Saben sandanganepun utawa pasangan ing aksara jawa uga duwe filosofine dewe: ana sing nglambangake antar tembung, kaya urip iki sing kebak sambung rasa lan silahturahmi.
Ing jaman seng modern lan soyo maju iki, aksara jawa pancen wis ora saben dina dienggo. Nanging keindahan lan ajining aksara iki ora ono tandhingane. Saiki wes akeh font aksara jawa ing komputer lan piranthi digital, tandha yen warisan iki isih bisa urip lan disandingake bareng karo teknologi seng canggih-canggih. Aksara jawa ora mung tulisan kuno, nanging uga lukisan jiwa bangsa jawa. Yen kita bangsa jawa sinau, nulis, lan nguri-uri, iku tegese kita ora mung ngreksa basa, nanging uga ngreksa seni lan budaya sing adiluhung. Mula, ayo padha nguri-uri lan nglestarekake. Amarga saben tembung jawa sing diucapake iku sejatine doa lan pangeling marang asal usul kita minangka wong Jawa.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI