Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Namung Sliramu

29 Desember 2011   03:36 Diperbarui: 25 Juni 2015   21:37 120 0
Sumilir angin wengi tansah sumribit

Namung wewayanganmu kang ana ing pikiranku

Tumemplek sliramu ana ing bathukku, ora isoh ucul

Cemlorot lintang uga ora isoh ngilangi sliramu kang dolanan ing atiku

Rina wengi ora isoh nutup mripat iki

Namung sliramu sing ana menawa sliraku nutup mata

Namung sliramu sing ana menawa sliraku nyawang endahing tawang wengi

Saben wektu, saben panggon namung ana sliramu

Nanging kabeh ora isoh dak jaga salawase

Namung isoh tak simpen ana njero ati dhewe

Namung ana ing angen-angen kang ora bakal isoh kaucap

Sliramu uis sumanding karo slira liya

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun