Mohon tunggu...
KOMENTAR
Humaniora Pilihan

Cegah Corona Versi Ngapak

4 April 2020   14:33 Diperbarui: 4 April 2020   16:18 392 5
Sedulur, saiki Corona esih durung lunga bae sing negarane dewek, saben dina esih nambah bae kasuse, malahan laporane pemerintah dina kiye kasuse wis anjog 2.092 wong sing positif Corona.

Corona sih apa? Corona kuwe jenis virus anyar sing pertama ana nang kota Wuhan China, waktu kuwe statuse esih wabah karena esih nang wilayah China tok.

Saiki statuse wis dadi pandemi, diarani pandemi soale wis nular maring antar negara bahkan saiki wis seluruh dunia, status pandemi ditokna ding WHO (lembaga dunia sing ngurusi masalah kesehatan) tanggal 11 Maret wingi.

Nang negarane dewek mulai muncul anane kasus Corona waktu semono diumumna ding Presiden Jokowi tanggal loro Maret, ana kasus positif Corona wong loro sing ketularan sekang wong luar negeri.

Primen sih carane Corona nular maring dewek?

Cara pertama, nular lewat 'droplet', droplet kuwe mancrotane banyu wahing apa watuk sing wong positif kena virus Corona.

Misale ana wong positif Corona, wonge wahing apa watuk, angger wahing apa watuke mancrot maring cangkem, irung, apa mata ne rika, kuwe berarti rika ketularan Corona.

Kuwe alesan utamane nyong karo rika pada dikongkon nang njero umah bae, kerja sing umah, sekola sing umah, eben ora kena mancrotane 'droplet' sing wong wis positif kena Corona.

Seliyane kuwe bisane rika dikongkon angger ketemu wong liya jaga jarak minimal rong meter alias sosial distancing atawa physical distancing, ya supaya angger ana wong positif Corona wahing apa watuk, 'droplet' e ora kena maring rika.

Seliyane nang jero umah bae karo jaga jarak, dewek juga dikongkon nganggo masker, kuwe juga eben misale ana mancrotan 'droplet' sing wong positif Corona bisa ditadaih ding masker. Dadi masker kuwe ora mateni viruse, tapi kur nadaih tok.

Cara keloro lewat kontak langsung, misale ana wong positif Corona, wonge wahing apa watuk ditutupi nggo tangane deweke, bar kuwe wonge salaman karo rika, terus rikane ora ngerti nyekel cangkem, irung, apa mata, akhire rika wis ketularan virus Corona.

Lah kuwe mulane pemerintah ngongkon dewek sering ngumbah tangan nganggo sabun apa nganggo hand sanitizer, soale angger wis dikumbah viruse mati.

Cara ketelu lewat 'droplet' sing nempel maring permukaane benda, misale ana wong positif Corona, deweke wahing apa watuk misale 'droplet' e mancrot maring laptop, bar kuwe rika nyilih laptop kuwe terus nyekel mancrotane.

Terus bar kuwe rika nyekel cangkem, irung, apa mata padahal tangane durung dikumbah nggo sabun, otomatis tangane esih ana 'droplet' e sing nempel nang laptop mau, akhire rika wis ketularan virus Corona.

Angger ora salah tau diteliti, 'droplet' kuwe angger wis nempel nang permukaan benda, viruse esih bisa bertahan sampe jam-jaman bahkan bisa sedina luwih.

Cara kepapat lewat udara, adong cara kiye miturut kererangane dr. Erlina Burhan (dokter spesialis paru-paru RS Persahabatan), biasane kedadian nang petugas medis sing se ruangan lagi nangane pasien positif Corona, mulane petugas medis wajib nganggo APD (Alat Pelindung Diri).

Saiki wis paham yah Lur carane virus Corona nular maring rika, mulane rika pada nurut tetep nang jero umah bae, angger terpaksa metu ya jaga jarak minimal rong meter angger ketemu wong liya.

Selain kuwe, rika angger metu dibiasakna nganggo masker, bar kuwe angger wis anjog umah tangane dikumbah nggo sabun eben angger ana viruse ya mati, tembe nyekel bocah apa bojone rika.

Saiki sebenere sapa sih wong sing nduweni potensi kena virus Corona?

Miturut informasi protokol kesehatan sekang Gugus Tugas Penanganan Covid-19 BNPB, sing ana nang alamat website www.covid19.go.id, ana wong loro sing nduweni potensi kena virus Corona.

Pertama, wong sing bar lunga maring luar negeri 14 dina wingi, negara sing dikunjungi kuwe wis ana kasus positif Corona.

Keloro, wong sing tau kontak langsung karo pasien sing dinyatakna wis positif Corona.

Lah angger rika tau ngalami salah sijine, rika kudu primen?
1. Angger rika kondisine sehat, rika dikongkon karantina dewek nang njero umah selama 14 dina, selama kuwe rika nyambi ngecek kondisine awak.
2. Angger rika krasa ora sehat apa ana gejala, rika telepon bae maring nomer 119 kuwe nomer pusat layanan Corona Nasional, bar kuwe rika dinei rujukan pemeriksaan layanan kesehatan.

Selama rika karantina dewek nang njero umah selama 14 dina, gejala apa bae sing perlu diperhatikna.
1.Demam sing nganti 38 derajat Celcius.
2.Batuk utawa pilek
3.Lara tenggorokane
4.Napase sesek utawa napase ana gangguan.

Apa perlu langsung maring Rumah Sakit?
Angger gejalane ringan, rika ngutamakna telpon maring 119, utawa rika teka maring rumah sakit rujukan paling perek eben olih informasi soal langkah-langkah selanjute.

Nyambi nggolet informasi, rika perlu nglakoni:
1. Tetep ngindari metu sing umah
2. Ngaso sing cukup
3. Diakeih nginum banyu putih karo mangane sing bergizi.
4. Biasakna cuci tangan nggo sabun, karo mbersihi area-area sing sering kecekel tangan.
5. Nganggo masker eben mancrotane wahing apa watuk ora kena wong liya, dadaha rika nang njero umah.

Kapan dewek wis wayahe kudu njaluk bantuane medis tambahan?
Angger gejalane dirasa wis cukup parah, misale sesek napas abot, misale rika wis termasuk usia tua luwih sing 60 tahun, nduweni penyakit kronis kaya contone diabetes, hipertensi, gangguan imun, ana riwayat lara pernapasan karo liya-liyane.

Apa sing kudu dilakoni angger gejalane koh dirasa ora mandeg terus kudu maring fasilitas kesehatan?
1. Nganggo masker pas metu sing umah
2. Praktekna etika wahing karo watuk sing bener ditutup nggo siku atawa tisu.
3. Rika ngindari nganggo kendaraan umum.

Saiki rika wis jelas yah Lur soal Corona, cara penularane karo cara pencegahane, saiki kuncine rika patuh karo apa sing dikongkon pemerintah, kuwe bagian dari rika melu berjuang nglawan Corona.

Tetep nang jero umah bae, biasakna ngumbaih tangan nggo sabun, angger terpaksa metu ya jaga jarak minimal rong meter, ngindari rame-rame wong, nganggo masker, balik umah aja klalen ngumbaih tangan nggo sabun.

Terus kiye tambahan, tulung angger rika wong perantauan Jakarta lan sekitare (Jabodetabek) wis kudu mudik, tulung nurut karo pemerintah desa setempat, rika gelem diperiksa, gelem karantina dewek njero umah selama 14 dina, tulung sedurunge 14 dina aja klayaban maring ndi ora yah Lur. Angger rika patuh in sya Allah desane tetep aman.

Rika tek ceritani keh, waktu semana China bar perayaan Imlek kasus Corona dadi melonjak drastis bahkan dari Wuhan nyebar hampir maring seluruh China, kuwe karena bar ngrayakna Imlek.

Aja nganti, bar ngrayakna badahan, kasus positif Corona nang negarane dewek kaya China bar Imlek, rika ora kepengin mbok manene, bapane, kakange, adine, sedulur-sedulure, tanggane pada kena Corona.

Angger bisa rika nurut karo imbauane pemerintah aja mudik disit, tapi angger kepaksane mudik ya kuwe nau nurut karo pemerintah setempat.

Wis yah Lur, mudah-mudahan rika pada saiki wis jelas, mudah-mudahan rika karo nyong pada waras sehat slamet sing Corona, apamaning enggal puasa enggal lebaran.

Paling terakhir, diakeih ibadaeh, tobat njaluk ampura maring Gusti Allah, rejekine akeh ya tanggane direwangi melasi keadaane lagi sulit, wong loman mesti diwales ding Gusti Allah. Aamiin

Salam hangat, salam semangat, salam sehat selalu Lur.

Sedulure rika wong Benda:
Rori Idrus
KBC-57 Brebes Jawa Tengah

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun