Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Paceklik

11 Juli 2019   15:52 Diperbarui: 11 Juli 2019   15:55 31 2

Paceklik...

Mongso dino iki tibo mongso  paceklik

Opo-opo ora ono 

Tanduran, gayan lan sandang pangan ora ono pangarepan

Urip koyo ketluntang-tluntung koyo dene wong mabuk


Paceklik...

Dino iki mongso ra keno di ngerteni 

Mongso kang abot poro lelakune wong cilik

Kabeh wong podo bingung kahanan

Wira-wiri nurut dalan 

Nanging ora oleh pagawean


Paceklik...

Sasi rendheng ra ono udan

Sasi ketigo ra ono udan...

Saiki mongso ra keno di perkirakne

Yo iki mongso kang gowo manungso  nglakoni pacoban


Paceklik

Opo mung wong cilik sing ngrasakne mongso paceklik

Sirah koyo mlebu sual 

Sangkek bingung polah lan pikiran

Anak wayahe bayar-bayar

Nanging tabungan wis ludes ilang kapangan kabutuhan

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun