Mohon tunggu...
KOMENTAR
Humaniora

Ksatria Naga di Putaran ke Dua

24 Februari 2017   05:54 Diperbarui: 26 Februari 2017   14:00 169 2
"Koko Prabu Betoro Kresno"
"Ono opo Dimas Janoko lelananging WA"
"Menawi dipun tingali saking koco benggolo, sinten ingkang bade unggul wonten putaran ke dua sak mangke ?"
"Weleh weleh di adiku cah bagus. Tugase kangmasmu iki kan mestekke menowo Pendawa kudu menang karo Kurawa ...dudu putaran ke dua ...byuh byuh"
"La nanging rak injih sami kemawon to Koko Prabu. Bilih putaran ke dua meniko kadoso perang Pendawa kaliyan Kurowo!"
"Kleru. Kleru. Menowo si Adi duwe penemu koyo ngono"
"Klentunipun wonten pundi Koko Prabu ?"
"Ngene yo Adiku cah bagus. Iki tak trawang koyo koyo sopo sing iso mantak aji dadi Satrio Nogo sing iso unggul"
"Loh menopo meniko mboten bebayani to Koko Prabu ?"
"Kosik kosik tak jlentrehke ndhisik, menowo Satrio Nogo kuwi dudu mergo suku agama lan ras. Eling awake dewe kabeh iki sedulur"
"Lajeng miturut Koko Prabu, Satrio Nogo meniko sinten ?"
"Loh loh rak si Adi arep njebak pun kakang ben ngaku to ..."
"Koko Prabu meniko mbulet pangandikanipun"
"Mengkene sopo sing iso ucul soko bebendu, sak umpamane mbiyen dadi piyayi gede ning njur ngilang, andap asor duwe kadigdayan tenogo Chi...memposisikan diri koyo Kungfu Panda....kiro kiro kuwi sing iso dadi Satrio Nogo!"

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun