Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen

Amne Machen Gunung Siluman Sing Nyebar Supata

14 Mei 2014   12:37 Diperbarui: 23 Juni 2015   22:32 50 0
Miturut ujaring sumber kang pinercaya, ing wilayah tapel wates antarane Tibet klawan Cina ana sawijining gunung siluman sing aeng banget. Diomong aeng, amarga gunung iki pancen aneh lan ajaib. Gunung iki disebutake minangka gunung sing paling dhuwur sadonya, nanging ora saben wong bisa nyawang. Malah cilakane, sapa wae sing bisa nyawang gunung iki bakal cilaka kanthi ngenesake.

Jenenge Gunung Amne Machen. Gunung sing mung ngatonake wujude sawayah-wayah iki wis marakake sadengah wong padha kagodha kanggo mbuktekake. Anehe maneh, gunung iki diyakini mung ngatonake wujude marang wong-wong tinamtu wae. Ujare kandha, Amne Machen iki 330 meter luwih dhuwur tinimbang Mount Everest, kang sasuwene iki minangka puncak paling dhuwur sadonya kang mapan ing pegunungan Himalaya. Dadi bisa dibayangake kaya ngapa dhuwure Gunung Amne Machen iku.

Warga kang manggon ing sakupenge pereng Himalaya akeh sing wegah ngrembug gunung sing siji iki, bab iki bisa ndadekake warga kena kuwalat amarga Gunung Amne Machen dianggap kaya dene gunung angker kang nyebar supata. Para warga ngeyakinake menawa sapa wae sing bisa nyawang papan panggonane Gunung Amne Machen bakale ngalami cilaka ora watara suwe. Apa maneh menawa sing ndeleng iku wong-wong kulit putih utawa wong Barat.

Miturut ujaring crita, Jendral Pereira, sawijining tentara Inggris sing wis purnawirawan mati sakala, ora suwe sak wise dheweke ndeleng Gunung Amne Machen. Kacaritakake, ing sajroning lelungan saka Sanghai tumuju Laut Kaspia, Pereira mampir rada suwe ing dhataran Tibet, INg kene dheweke krungu ngenani Gunung Amne Machen. Amarga saka rasa penasaran kang gedhe, dheweke nekad nggoleki Gunung Amne Machen nganti ketemu. Malah Pereire sumpah ora bakal mulih menyang negarane menawa durung mbuktekake dhewe crita kuna sing wis lumaku turun-tumurun iku.

Sawise sawetara suwe, apa sing dadi angen-angene wusanane kelakon, Ing sawijining dina, Pereira kasil ndeleng Gunung Amne Machen saka jarak atusan mil, mapan ana panggonan sing dhuwur ing sawijining gumuk ing sakupenge Pegunungan Himalaya. Muncul atusan meter sandhuwure padhas gundhul katon kinemulan mega.

Miturut cathetane Pereira, gunung kasebut ketok dhuwur banget, saengga anggone nyawang Pereira nganti kaya kentekan napas, dheweke nggraita menawa dhuwure gunung iki pancen angel diukur utawa dibayangake. Pereira dhewe sadurunge ndeleng sesawangan iki wis nate jajah sawenehe benua, dheweke nate meruhi Canadian Rockies, nate munggah ing pucuking Himalaya, malah wis nelukake pegunungan Andes ing Amerika kidul sing suhune ganas. Nanging ora ana sing bisa ndadekake dheweke gugup lan singunen kaya dene anggone nyawang Amne Machen. Malah ing sajrone cathetan pribadine, Pereira mesthekake menawa Gunung Amne Machen iki minangka gunung sing paling hebat ing antarane gunung-gunung sing wis nate diweruhi.

Ora let suwe sawise meruhi dhewe kaya ngapa ngedab-edabine Gunung Amne Machen, Pereira enggal-enggal mulih bali menyang Inggris lan sabanjure bakal nganakake ekspedhisi dhewe. Dheweke wis seneng banget marang angen-angene, kanthi pangarep-arep bakal dadi wong sing misuwur merga wis meruhi temuan gedhe ing abad kuwi. Dheweke wis lali marang pepelinge pendhudhuk ngenani supata saka gunung siluman kuwi.

Sadurunge mabur menyang Inggris, nalikane Pereira tekan sawijining dhusun antarane tapel wates Tibet lan Cina, Pereira ketemu salah sawijining sewandana saka Amerika kang aran Joseph Rock. Ing sapatemon kasebut, dheweke nyaritakake apa kang nembe diweruhi marang kancane kasebut. Krungu crita kang dianggep ngayawara kuwi, wong Amerika kuwi babar pisan ora percaya. Nembe nalikane Pereira wani sumpah ngenani apa kang nembe dicaritakake kasebut, wusanane Rock nembe yakin menawa Pereira nembe wae nemokake sawenihing bab kang ngedab-edabi.

Ndelalah wanci apese, nalika esuke Pereira mangkat tumuju pesisir bali menyang negarane, sawetara jam sawise dheweke lan rombongane tumuju nang Cina, Pereira tinggal donya sanalika. Dheweke njungkel saka jarane kanthi tangan tengene nyekeli dhadhane tumuju ing jantung. Lan kanthi dumadakan dheweke tumoleh menyang mburi, tumuju marang Tibet an sabanjure sekarat lan tilar donya dadakan.

Apa supatane saka Gunung Amne Machen sing wis niwasake dheweke? Mengkono ujare wong akeh ing Tibet lan Cina. Para sudagar sing nate krungu menawa Pereira wis nate meruhi gunung siluman kuwi padha ora gelem ndemek jisime. Jisime Pereira ditogake wae ana ing kana lan sabanjure dilaporake marang para penginjil saka Inggris kang banjur golek sarana kanggo penguburan Jendral Pereira.

Saben wong sing wis nate kenal karo Jendral pensiunan Inggris kuwi rumangsa eram karo matine kang dianggep ana sesambungane karo lara jantung. Kamangka ing nalika sugenge, Pereira tansah waras lan semangate uga dhuwur. Nalika ngawiti lelanane sing adoh kuwi dheweke nembe wae ana ing umur 40. Ora ana sing percaya menawa Pereira mati amarga supata kuwi.

Saliyane kuwi, wong-wong sanjabane Tibet lan Cina ora ana sing percaya dedongan ngenani gunung angker kuwi, nganti timbule laporan saka sawetara pilot nalikane perang ndonya kaping pindho kang meruhi gunung kasebut. Ing sajroning laporan kuwi para pilot kandha menawa pilot-pilot kasebut meh wae nabrak gunung misterius, sing ana antarane perbatasan Tibet lan Cina. Bejane para pilot kasebut bisa nginggati gunung kasebut, saengga kacilakan fatal bisa diendhani. Para pilot kasebut padha ngungun anane gunung kasebut, sabab ing altitute meter nuduhake angka kang luwih saka dene 10 ewu meter, 300 meter luwih dhuwur tinimbang puncake Mount Everest.

Sawetara taun sawise rampunge perang ndonya kapindho, sawijine wartawan Amerika kang ketarik marang pengalamane Pereita lan panemone sing ngedab-edabi kasebut ngudi nggoleki gunung sing dhuwur sundhul langit kasebut, kaya sing tinulis ana ini cathetane Jendral Pereira. Ora watara suwe si wartawan kuwi kandha menawa dheweke wis kasil ndeleng Gunung Amne Machen. Emane, sawetara piranti kanggo ngukur dhuwure papane kuwi rusak amarga kesalahan anggone ngramut nalikane digawa para pribumi menyang kana. Saliyane iku uga saka obah2 sandhuwure jaran sajroning lelana ngliwati sawenehe panggonan kang liar lan ganas.

Ing sajroning lelana kuwi, wis wong telu kulit putih sing tiwas, salah sawijini nalikane kena lemah longsor, sawetara dina sawise padha meruhi Gunung Amne Machen. Sing kapindhone tiwas nang Peking kena lelara tipus. Dene si wartawan dhewe tiwas klelep sawetara wulan sawise ndeleng Gunung Amne Machen sing diangen-angen kuwi.

Apa bener supata saka Gunung Amne Machen sing nyababake tiwase sakabehe wong-wong barat iki lan ora ana sing bisa urip luwih suwe sawise ndeleng Gunung Amne Machen iki? Mbok menawa bener anane supata sing sapa ndeleng Gunung Amne Machen bakal dadi lan patine....

Nuwun

Saka maneka sumber

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun