Mohon tunggu...
KOMENTAR
Cerpen Pilihan

Mangsa Karantina Mandiri

7 April 2020   14:07 Diperbarui: 7 April 2020   14:00 349 15
"Le,  Thole,  aja dolan adoh adoh disek ta la,  iki dudu sasi prei sekolah,  kowe kudu tetep sinau ning omah, akeh tugas."

"Hla kinging menapa to,  kog mboten pareng dolanan?"

"Pagebluk Covid-19 mrantak sak dunya Le,  kabeh padha dianjurke meneng ning omahe dhewe-dhewe,  kowe sing manut, aja nesu."

"Hla kula bosen Bu ne,  niku wau rencang ngajak dolanan."

"Haduh,  tugas gurung dicandak,  sarapan yo gurung kog gupuh kancane., wis sing manut,  mengko kancane yen mrene ibu tuturi."

"Covid 19 kog mboten ical to Bu ne, kapan mantune, hla niku ayah tasik kerjo kog mboten anteng ten nggriyo?"

"Nah,  kuwi, sing pegawai pemerintah bisa  Work From Home,  bocah sekolah Study From Home.  Ning ayahmu ora bisa kerana kerjane ning swasta,  yen ora nyusul rejekine dhewe ora bisa tuku beras."

"Owh."

"Mangkane kowe sing sregep ajeg sinau ben pinter,  suk yen gede bisa nyambut gawe penak, duwe sawah tegalan, ditanduri palawija,  pari lan liyo liyane,  digawe kebutuhan pangan."

"Nah mangke menawi Covid mboten amblas pripun?"

"Yo ora ngerti Le,  menungsane paling bisa-bisa amblas kabeh."

"Waduh,  kog ngaten pripun niku Bu ne?"

"Mangkane sing manut,  yen ora perlu penting banget ora usah metu-metu. Nanging senajan ning omah kudu resikan."

"Pripun Bu?"

"Sering wijik tangane nganggo sabun, aja keset, caring ben awake ora lungkrah jam 07.00 nganti jam 09. 00 iku apik srengengene kanggo awak., karo olah raga, digerakke ragane, maem sing bergizi,  disenengke atine,  sing lamba, ora pareng nesu, kabeh yo padha ning omah kog, yen ana kepentingan metu nggawe masker yo, yen tekan omah,  age-age salin klambine,  terus diumbah. Ngerti ora? Yen sik ra ngerti yo embuh wis."

"Sekeco ten ndeso nggih,  menawi bosen mlampah-mlampah ten sabin. Hla ten perumahan mriki portale ditutup sedanten tirose lauk daun."

"Iyo,  ning ndeso penak ora gupuh virus, nanging sing tekan kuto menyang ndeso kudu ngati-ati,  kuwatir katutan virus, mesakke sing ning ndeso. Wis selak awan mengko gurung nggarap tugas wis ngantuk. Ibu tak umbah-umbah,  yen ana sing ora bisa,  ditakokke."

"Nggih."

"Iling,  ojo wahing sembarangan, ditutup nganggo tangan terus langsung wijik, yen mripate gatel ndang raup, virus bisa mlebu tekan bolongan irung,  mripat lan cangkem iki,  dadi ati-ati, aja dumeh. Pesene kanjeng nabi,  anadofatu minal iman,  kebersihan itu bagian dari iman,  nah buktekke sak iki. Ora pareng kempros."

"Kala wingi wonten ingkang ngidu sembarangan ten ngajeng nggriyo."

"Kandani langsung,  ora peduli wong sepuh,  ben ora kemproh ngunu. Mergo nulare virus tekan cipratane idu kae sing bisa nempel nang ngendi wae."

"Nggih."

"Terus niki wabah kapan mantune?  Sekwdap malih pasa terus bada,  pripun?  Kepingin pangge kalian mbah putri."

"Ndunga sing akeh,  istigfar ya, wong kari mencolot wae ndaleme mbah."

"Mbeta semprotan nggih sing katah."

"Yo."

"Hla derek sing saking Jakarta pripun?"

"Mesake mengko piye yo,  ning kana wis ora nduwe penggawean."

"Halah kirangan kah mumet Bu."

"Eh kudune Ibu sing muni ngunu. Wis omong-omongan wae nganti azan duhur. Ndang solat."

"Nggih."



Teras unen-unen,  07.04.2020
swarnahati

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun