Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Aku bakal Bali (Aku akan Pulang)

13 Mei 2021   22:15 Diperbarui: 13 Mei 2021   22:16 326 29
Mak, wis telung pendak aku bara ing kene, kutha gedhe sing dakkarep bisa mulyakake uripku. Nggawa pakeyan sakpengadeg aku budhal sangu pandongamu bebarengan tumetese  waspamu kaya lakune menda sing dakangon menyang ara-ara aku jumangkah nglakoni urip.  
Telung sasi aku keranta kelangan daya sanajan ngupaya mung kanggo mangan sanalika.

Mak, aja gela yen aku isih ngumbara ing panase kutha kang kaya naraka. Sanajan ta aku keranta ora nganti laku durjana. Tetesing waspamu sing tansah nyegerake atiku nglakoni urip iki turu pinggir rel adol rosokan.

Mak, wis telung pendhak aku mung bisa titip pawarta Kang Jono durung bisa bali riyaya iki.
Mak, muga telung sasi ngarep aku bisa ngancani bapak buruh macul utawa mbrujul.
Mak, entena. Aku bakal bali.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun