Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Sumelete Srengenge

7 Mei 2021   13:25 Diperbarui: 7 Mei 2021   14:25 396 35
Srengenge kaya-kaya ngobong awakku sing san saya ireng kaya kulite ula kadut. Nanging dak rasa malah adhem merga tumetese keringet. Sanajan ta keringet ateges keri-keri tur anget.

Aku tetep muji sukur sumelete srengenge isih dirasakake wong akeh tinimbang sumelete ati sing keranta-ranta krungu tangise anak bojo sing kudu tetep mangan.

Dak pacul lemah lempung kang empuk kaya watu akik kanggo ali-ali mata ijo sing dakwenehna sliramu kanggo peningset.
Dakratakna sawah iki pinda ratane peparing Gusti Kang Welas Asih marang janma manungsa.

Sumiliring angin ngadhemake pikirku sing melik gumebyare donya brana.
Sumelete srengenge saiki dakrasa ora bakal marai aking awakku jalaran angin wis kirim pawarta kudu tansah eling lan waspada.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun