Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi Pilihan

Sendheku ing Plataran Sih Katresnan Gusti

4 Mei 2021   07:31 Diperbarui: 4 Mei 2021   12:13 441 21
Rindik jangkahku lir obahing alang-alang kang katut sumiliring angin ing tengahing ara-ara.
Sepi...
Mung ocehing encit sing ngelih golek tetesing embun ing pucuking adasan.
Sepi...
Mung jeriting ati kang antu-antu pangeksamining Gusti Kang Akarya Jagad saka dosaku kang tumempel kanthil.
Sendheku aku ing plataran amba tanpa swara tanpa donga mung pengarep muga netra iki bisa merem saka gumebyare donya.

Mandheg jumangkahku ing pinggiring wana kang ijo royo-royo nentremake sukma.
Dak pandeng gumelaring jagad tandha ambane samudra sih katresnan Gusti kang bakal paring pangapura sapa kang bakal bali urip sakmadya.

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun