Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Gurit Sekar Alit (Macapat)

10 Februari 2014   10:18 Diperbarui: 24 Juni 2015   01:59 52 1
Pocung panca pada :

ANDRIYARAKSA

Bedhug tiga netra nora bisa turu
Saya ngambra-ambra
Kayatnan prastawa wuri
Gumawang satuhu angrerujit nala

Denseslimur sinawung ngreronce kidung
Pocung dhandhanggula
Sekar ageng sekar alit
Bokmanawa bisa weh panglipur driya


Tan karasa wahya subuh uwis mangsuk
Saratri tan nendra
Angga lesu nggaregesi
Sigra sesuci manembah ngestu pada

Kumleyang rasane kadya janma wuru
Lungkrah tanpa daya
Netra arip pengin guling
Nora pantes esuk-esuk mapan nendra

Adhuh biyung anakmu nyuwun pitulung
Paringa usada
Mring siwi kang nembe kingkin
Kawilut darubesi andriyaraksa

Tepiswiring persil kopi, gagat rahina 10022014

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun