Mohon tunggu...
Kaha Anwar
Kaha Anwar Mohon Tunggu... Serabut-an -

MJS Press

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Oleh-oleh

21 Juli 2011   04:08 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:30 597
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1311221289827149037

Tanti kepengen muntah. Sak muntah-muntahe. Yen iso muntah sekabahane isi wetenge sing saiki katon gedhe. Muntahke gerundelan atine sing sajak mbededek ing ati. Tanti ora biso ngempet kahanan kang sajake ngridu dalan uripe. Sak tenane opo sing dipangan Tanti ora ono sing salah. Kripik tempe iku ora salah marang Tanti. Jenenge wae mung panganan, sopo wae oleh mangan. Oleh tuku. Oleh diwenehke wong liyo: kanggo tondo tresno. Iso tresno mergo kanggo ngraketke paseduluran. Ugo biso tresno koyo Mimi lan Mintono. Kripik iku mung dadi dalan. Dadi lantaran andum katresnan. Ora selak koyo ater-ater panganan marang sanak sedulur ing wayah bodo riyoyo koyo ngono kae.

Tanti bener-bener pengen muntah. Sak muntah-muntahe, yen biso sak isi wetenge sing saiki katon gedhe iku. Pikiran Tanti kemrungsung, atine mung sajake pengen mbledos koyo Gunung Merapi sing disik katon nyengsemake tumram sopo wae sing nyawang, opo meneh cah enom-enom sing podo glayaban neng ngisrore. Tanti ora nesu karo kripik tempe. Ora! Ora kuwi sing nyebabke mripate Tanti mbrebes mili luh. Kripik tempe tetep wae kripik, ora bedo koyo panganan liyan-liyane, sing dadi panganan oleh-oleh wong soko adoh, soko lelungan. Panganan katresnan.

Kahanan sing lagi dilakoni Tanti ora bedo koyo kripik tempe sing saiki lagi ono cangkeme. Diiris-iris tipis nganti koyo dluwang, banjur dicemplungke nang wajan kang kebak lengo klentik kang blekuthuk, panas. Diseroki ngalor ngidul, ngetan ngulon. Duh Gusti lelakon urip kok koyo ngene. Kahanan Tanti ra bedo koyo kripik tempe sing diwadahi plastik terus didol nang lapak-lapak, supermarket lan sak panunggalane. Banjur dikremes untu-untu sing rangah-rangah. Mak kriyak-kriyak sajak enak, sajake marem banget iso ngremus barang kang tipis iku. Yo koyo ngono kuwi lelakone Tanti: koyo kripik sing dikremus-kremus. Duh Gusti lelakon nopo malih ingkang bade kulo lampahi. Mripat sing disik katon ayu lan nyengsemake sopo wae sing nyawang, saiki mung kebak piloro. Kebak luh.

Tanti bener-bener pengen muntah. Sak muntah-muntahe, yen biso sak isi wetenge sing saiki katon gedhe iku. Tanti ora pernah kepikiran yen kedadean koyo iki sing bakal dilakone. Ora ono pikiran sak clerapan babar pisan yen wong lanang sing nyengsemke ati iku bakal dadi tlusup atine. Tlusup sing gawe nanahen ati sing disik adem ayem. yen mung weteng sing ketlusupan barang iku ora dadi opo’o. nanging tlusup weteng iku banjur jalare nang ati, nang perasaan. Gawe wirang Tanti lan wong tuwane. Ngrusak masa depan awake dewe. “ngopo aku disik yo kepincut karo rahine Bas?”, Tanti ngresulo. Nanging jenenenge sego wis dadi bubur, wis mambu arep dikapake. PariBasan arep tho nangis nganti luhe ngabake desane yo ora bakal mbalike perasaane Tanti. Keprwanane Tanti. Kabeh wis kepleset, kabeh wis kedadean. Tanti mung iso nangis campur guyu, guyu campur nangis.

Opo kabeh iki salehe dewe, salahe Tanti? Opo wong wedok mung dadi panggonan salah lan luput? Dadi panggonan sing biso disalahke, diwirangke? Mung disesep sarine? Opo yo mung koyo ngono kuwi uripe wong wedok, uripe Tanti? Opo salah yen Tanti kesengsem karo bocah bagus. Bocah sing tansah merake ati. Sing gawe kabeh samubarang tansah gejolak, koyo umepe kawah merapi kae. Opo Tanti salah dewekan? Ngopo kabeh nyalahke Tanti? Ngopo kabeh wong kok ngecing lelakune Tanti. Opo kahanan sing lagi dilakoni Tanti iki salahe dewe? Opo wong wedok mung bisone disalahke? Opo ora wong lanang kae, yo Bas: wong lanang sing gawe drijene wong sak jagad dudinge Tanti. Wong lanang sing dadike lambe-lambe mung tansah maido kewadonane Tanti. Tanti dianggep wong nakal. Wong wadon sing gampang dirayu. Wong lanang bajingan.

“Bas..Bas nang endi kowe saiki? Delengen kripikmu saiki dadi bocah. Mreneo, demeken weteng iki: wiskoyo pucuke Merapi sing sak delok maneh bledos. Mreneo Bas. Ojo dadi wong lanang pengecut, ojo mung sak penake dewe. Ojo mung senenge ngecup madu terus mbok tinggalke ngeneki. Ojo tinggal glanggang colong playu, Bas. Mreneo Bas. Ayo gentenan ngandut bocah iki. Ojo mung aku wae. Ojo mung aku wae sing ngrasake loro, sakit. Ojo mung aku wae sing keno wirang. Mreno Bas. Emuten kripikmu iki. Meluo ngrasake loroku. Gentian ngrasake wirang. Koyo gentianane aku lan kowe naliko semono. Naliko mongso edan, mongso gendeng kae. Mreneo Bas. Ayo bareng-bareng nyonggo kewirangan iki. Ojo aku wae. Bas, kanduten anakmu iki, aku wis ra sanggup ngandut. Kanduten wenihmu iki. Kanduten kripikmu. Ojo aku terus. Bas, kowe bener-bener wong lanang bajingan”.

Tanti bener-bener pengen muntah. Sak muntah-muntahe, yen biso sak isi wetenge sing saiki katon gedhe iku. Tanti pengin nagis, sak nangis-nangise. Nangisi lakon urip sing uwis-uwis. Lakone uripe karo Bas. Ora nyono yen kripik sing dipangan malah dadi dalan bocah. Tanti rumongso salah, rumongso nglakoni dalan peteng sing ora dibenerke sopo wae lan agomo. Sing benerke mung Bas..yo, mung Bas wae sing benerke perilaku bejat kuwi. Lan Tanti mung dadi dalan bejate Bas. Oh..Tanti..Tanti kenopo awakmu yo gelem diglembuk, didoli gombal lambene Bas? Nagging opo yo pantes yen terus-terusan Tanti disalahke? Opo yo prayitno yen mung Tanti dadi panggonan wirang? Ngopo wong wadon mung isane disalahke, diwirangke. Diarani wong lonte. Ngopo wong lanang kok sak penake dewe. Sak geleme dewe nglebokke barang neng panggonan sing sak jane dilarang. Ngopo wong lanang koyo-koyo mung pengen kuoso. Pengen cucul tangan koyo cucule komo. Ngopo wong lanang mung koyo sifate pithik jago: bar numpaki terus ditinggal mlayu golek wong wadon liyo. Ngopo ra gelem bareng-bareng nyonggo wirang?

Tanti pengen takon karo sopo wae. Naming sopo sing gelem ditakoni? Opo malah mung bakal ngarani deweke? Tanti jupuk nafas landung. Ngleremke batine. Tanti arep takon karo batine dewe, mugo wae entuk jawaban sing maremke atine. Opo yo salah yen wong wadon kesemsem marang wong bagus? Wong lanang sing tansah menehi perhatian marang deweke? Wong lanang sing tansah ngancani Tanti neng endi wae. Wong lanang sing tansah melu ngudari ruwete masalah-masalah Tanti neng monco. Panggonan kang adoh songko bapak-ibu. adoh sanak dulur.

Bas, pancen wong lanang duweni rahi bagus. Koyo wong monco-monco sing ono ing teve-teve kae. Wong lanang sing ora koyo wong lanang sing ono neng desane Tanti: mung nyuprus-nyuprus, ambune lengus koyo wedus. Ora mung bagus, nanging yo duweni suoro merdu, suaro apik. Koyo suarane Pasha Ungu, ujare Tanti ngelem Bas. Bas, ugo wong lanang kang tansah perhatian marang Tanti. Nang endi-endi Tanti diterke. Dibonceng nganggo motore kang dimodif jaman saiki. Apik tenan pokoke. Ngalor ngidul wong loro, koyo Mimi lan Mintuno. Grudukan ngalor ngidul ora dadeke Tanti isin karo tonggo teparo malah soyo bangga mergo duwe pacar bagus lan ora katrok koyo wong desa-desane. Ati Tanti marem banget.

Saben songko endi wae gawake oleh-oleh kanggo Tanti. Embuh wujude tapi Tanti seneng banget. Tanti rumongso diujo,dimulyake karo Bas. Tanti memang ora ngukur sepiro gedene oleh-oleh mau, sing digadang-gadang Tanti katresnane Bas. Pangroso kuwi sing dadeke Tanti percoyo banget marang omongane Bas. Tanti ora arep jaluk aneh-aneh marang Bas. Ora bondo donyo sing durung karuan diduwene Bas. Meski Bas memang anake wong sugih, anake juragan tembakau. Dudu kuwi sing diarep-arep Tanti. Ora bondo sing dadi wong wadon lulut, percoyo, nanging katresnan kang tulus.

Saking percayane marang Bas, Tanti mung tansah manthuk wae. Sing diomong Bas “A”, Tanti melu “A”. Bas nglarang ojo melu organisasi sing aneh-aneh neng kampus, Tanti manut. Tanti dikongkon ngedohi konco sing gak disenengi Bas, Tanti manut. Pokoke Tanti percoyo bongkokan marang Bas. Wong lanang bagus. Wong lanang sing gedhe perhatiane marang Tanti. Wong lanang sing ora koyo wong-wong lanang neng desane: nyuprus-nyuprus, ambune lengus koyo wedus. Tanti bangga duwe pacar bagus.

Nganti salah sawijene dino, Bas ngajak Tanti nglencer-nglencer. Tanti seneng. Bas ngajak nang pantai, ngajak ngingeti ombake segoro. Jare Bas, nang segoro menungso iso nyucup ilmu. Nyucup godak-godakane ombak segoro. Wong tresno kudu iso niru ombak: saling sambung menyambung. Bulet tekade, ora pedot-pedot ngancik pinggire segoro. Tlaten nglakoni urip, tlaten ngrantase permasalahan urip koyo ombak sing iso ngejur karang sing ngadek perkoso kae. Wong katresnan kudu koyo segoro: gelem nompo opo wae sing mlebu neng kono. Segoro ora pilih-pilih nompo barang. Sampah, banyu ceren sampek reregetan opo wae kudu ditompo. Wani nompo opo wae. Tanti manthuk-mathuk. Lulut omongane Bas.

Dilalah wektu iku udan kok yo nyeblok songko langit. Wong loro mlayu golek pangiyupan. Ono gubuk neng pinggir segoro, sing biasane digawe penduduk kono ngiyup pas golek undur-undur laut. Howo adem, mendung soyo petheng. Angin segoro nambah suasana kang gawe wong loro soyo mepet. Ora ono wong sing neng kono, mungkin podo ngiyup. Bas soyo nyedak Tanti. Tanti manut.

Bas, soyo nyedak. Tanti manut

Tangan Bas, ngrangkul pundake Tanti. Tanti manut

Bas, soyo mepet nganti bokong gathuk bokong. Tanti manut

Adem neng panas, panas neng adem. Bas luwih nyedak maneh. Tanti manut

Kulit gathuk kulit. Tanti manut.

Tanti kudu dadi segoro. Tanti manut.

Panase neroko ora kroso. Wong loro podo kebrengut nafsu. Tanti manut

Dadi segoro kudu gelem klebon opo wae. Tanti manut

….Tanti manut.

….Tanti manut.

…Tanti manut.

…manuto Tanti. Tanti manthuk-manthuk. Suoro lirih ngalahke suoro bledek. Ombak segoro tansah godhak-godhakan. Segoro tansah gelem klebon banyu udan songko duwur. Klebon banyu lumpur songko kali-kali kang wes ora biso dibendung maneh. Pinggere segoro wes jebol. Jebol sing ora biso dibalekke maneh. Segoro wis kelakon nompo opo wae.

…Tanti manut. Manuto Tanti. Tanti mung manthuk-mantuk.

“Edan! Edan. Wong lanang bajingan. Wong lanang mung pinter adol umuk. Aku dudu segoro sing bisa nompo lan klebon opo wae. Aku mung gelas cilik sing pantes diisi banyu teh. Aku dudu segoro mu, Bas”. Tanti kelingan kahanan semono dadi nesu-nesu.

“Bas..Bas nang endi kowe saiki? Delengen kripikmu saiki dadi bocah. Mreneo, demeken weteng iki: wiskoyo pucuke Merapi sing sak delok maneh bledos. Mreneo Bas. Ojo dadi wong lanang pengecut, ojo mung sak penake dewe. Ojo mung senenge ngcup madu terus mbok tinggalke ngeneki. Ojo tinggal glanggang colong playu, Bas. Mreneo Bas. Ayo gentenan ngandut bocah iki. Ojo mung aku wae. Ojo mung aku wae sing ngrasake loro, sakit. Ojo mung aku wae sing keno wirang. Mreno Bas. Emuten kripikmu iki. Meluo ngrasake loroku. Gentian ngrasake wirang. Koyo gentianane aku lan kowe naliko semono. Naliko mongso edan, mongso gendeng kae. Mreneo Bas. Ayo bareng-bareng nyonggo kewirangan iki. Ojo aku wae. Bas, kanduten anakmu iki, aku wis ra sanggop ngandut. Kanduten wenihmu iki. Kanduten kripikmu. Ojo aku terus. Bas, kowe bener-bener wong lanang bajingan”.

Tanti bener-bener pengen muntah. Sak muntah-muntahe, yen biso sak isi wetenge sing saiki katon gedhe iku.

Yogyakarta, 21 Juli 2011.


Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun