Mohon tunggu...
IMAM ARIF S
IMAM ARIF S Mohon Tunggu... Lainnya - Ketua KPU Ka. Banyumas Tukang Ngecebres

Urip Kui Kudu Urup

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Banyumas Ulang Tahun

23 Februari 2021   13:17 Diperbarui: 23 Februari 2021   13:58 386
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Banyumas Ulang Taun - dokpri

#Ngecebres05

Kulanuwun, priwe kabare luuur? muga sehat waras bregas. Aamiin

Luur, pangapurane, seri ngecebres pemilu lan demokrasi  tek selingi ulang taun Banyumas ya. Mbok ndarani wagu, wong kabupatene lagi ulang taun koh ora melu-melu ngramekna. Tanggal 22 februari 2021 wingi umure wis 450 taun. Nek sedurunge ulang taune saben tanggal 6 april, brubah dadi tanggal 22 februari kawit taun 2016. Salah sijine dasare sekang Babad Kalibening, naskah babad paling tua debandingna naskah-naskah liane.  

Miturut Babad Kalibening mau, dina kemis wage utawa rabu pon sore tanggal 27 Ramadhan 978 H utawa 22 februari 1571 M, Raden Joko Kahiman sowan Sultan Pajang nggawa upeti, neng Sultan Hadiwijaya deweke deangkat dadi Adipati Wirasaba VII, ganteni mertuane Adipati Wirasaba VI sing duwe gelar Wargo Utomo I.

Tes deangkat dadi Adipati Wirasaba, Raden Joko Kahiman banjur mbagi wilayah Wirasaba dadi papat. Debagi maring sanak kadange utawa ipar-ipare. Mulane Raden Joko Kaiman kondhang asmane dadi  Adipati Mrapat, sebabe mbagi wilayahe dadi papat. Papat wilayah kuwe endi bae?

  • Wilayah Banjar Pertambakan dewekenna meng Kyai Ngabehi Wirayuda
  • Wilayah Merden dewekenna meng Kyai Ngabehi Wirakusuma
  • Wilayah Wirasaba dewekenna meng Kyai Ngabehi Warga Wijaya
  • Raden Joko Kahiman pindah sekang Wirasaba maring wilayah Kejawar lan mbangun kadipaten anyar sing jenenge Kadipaten Banyumas.

Sekang crita mau kuwe cetha wela- wela, menawa  pendiri Kabupaten Banyumas kuwe wong sing luhur budine lan kudu deconto sifate. Raden Joko Kahiman duwe sikap loman, awehan, welas asih lan ora mbrangas. Mbagi wilayah kekuasaane sing amba banget dadi papat. Debagekna meng ipar-ipare. Ben kabeh kompak lan akur, sanajan biyen pas rembugan mangkat Pajang wis pada nunggal karep utawa sepakat menawa  Raden Joko Kahiman deangkat dadi adipati ora olih pada iri.

Sifat sing luhur liane, Raden Joko Kahiman kuwe sugih wani utawa kendel, wani natagi akibate. Ngerti menawa  sowan meng Pajang kuwe resikone bisa  bae depateni kaya mertuane. Ningen merga kudu mikul duwur Kadipaten Wirasaba, deweke wani mangkat Pajang. Raden Joko Kahiman uga pribadi sing tangguh, tayoh lan bapak pembangunan. Alas Mangli sing esih rungkud banget, gung liwang liwung, uga rawa-rawa debabat lan debangun dadi pusat pemerintahan Kadipaten Banyumas.

Kanca-kanca wis ngerti mbok, kenangapa jenenge Banyumas? Sebenere pirang-pirang versi critane ya, salah siji versi nyritakna biyen sedurunge dadi Banyumas kuwe jenenge Kadipaten Selarong.  Critane wektu kuwe Kadipaten Selarong lagi garing njengking. Sumur, kali, tuk kabeh garing, ora metu banyune blass. Ndilalah ana wong asing, sekang adoh teka meng wilayah Selarong. Merga sikap lan polahe nganeh-nganehi lan ngundang curiga, wong asing mau detangkap banjur dejeblosna meng penjara. Pas dejeblosna meng penjara mau, langite dadi peteng dedet, bress udan gede pisan. Saking senenge ana udan, akeh wong sing pada metu umah udan-udanan karo ngorong-ngorong banyu-banyu, ana liane sing udan-udanan ngorong-ngoronge emas-emas. Tembung banyu karo emas degabungna dadine banyumas, lan jeneng mau denggo genteni jeneng Selarong.

Sebenere ya luur, angger ngecebres bab Banyumas kuwe akeh banget sing bisa deomongna ya. Akeh crita sing gawe mongkog atine dewek luur. Contone sedurunge ana kerajaan-kerajaan neng Jawa, neng wilayah Banyumas wis ana Kerajaan Galuh Purba. Kerajaan paling kuna sing manggone neng Gunung Slamet. Sekang Kerajaan Galuh Purba mau nyebar meng ngetan dadi ana Kerjaan Kalingga, meng ngulon ana Galuh Kawali sing ngembene dadi Kerajaan Pajajaran. Dadi sekang Banyumas mau nurunna raja-raja sing neng wilayah Jawa.

Uga ana crita, sedurunge anane dadi Kadipaten Banyumas, biyene wis ana Kadipaten Pasir Luhur malahan ana sing ngomongna Kerajaan Pasir Luhur. Wingi-wingi malahan ana wong crita, neng wilayah Banyumas biyen ana Kerajaan Bonokeling. Artine neng Banyumas kuwe wis awit kuna mengkuna wis ana pemerintahan lan kabudayaan. Crita kerajaan lan kabudayaan kuna neng Banyumas in syaa Allah arep tek ngecebresna ngemben bae ya.

Sing gawe mongkog liane, neng sejarah Indonesia jere Indonesia dejajah lawase 350 taun, ningen Banyumas dejajah mung suwene 115 taun. De etung sekang detangkape Pangeran Diponegoro taun 1830. Critane, Landa nempuhna biaya perang Jawa sing jumlahe  90.000 Gulden kuwe meng Keraton Surakarta. Ningen Keraton Surakarta ora duwe banda nggo bayar ganti rugi mau, akhire aweh wilayah Banyumas meng Landa nggo ganti rugi. Wiwit taun 1830 mau, Banyumas dejajah neng Landa.  Sekang Banyumas uga akeh pahlawan lan tokoh-tokoh nasional sing kondang. Awit zaman kuna gutul siki ya ana.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun