Surabaya,02 Oktober 2025 Mahasiswa kelas 2024G Program Studi Pendidikan Guru Sekolah Dasar Universitas Negeri Surabaya (Unesa) melu sinau babagan panggih ing mata kuliah lan kegiatan ekstrakurikuler Bahasa Jawa. Sanajan dereng wonten ingkang mantu, Bapak Dr. M. Bambang Edi Siswanto, M.Pd., minangka dosen pengampu mata kuliah Bahasa Daerah, negesaken bilih sinau panggih punika boten namung ngrembag babagan prosesi mantenan kemawon, nanging ugi babagan nguri-uri kabudayan lan tata krama Jawa ingkang kedah tansah kaesthi lan kacetha ing laku saben dinten.
Ing perkuliahan punika, para mahasiswa boten namung sinau teori babagan menapa ingkang dipun wastani panggih saha runtutane upacara punika, nanging ugi nindakaken praktik panggih supados saged mangertosi kanthi nyata.Bapak Bambang ngendika “Sinau panggih punika kalebet bagian saking usaha nglestarekaken budaya Jawa. Sapa ngerti, pengalaman menika saged dados bekal urip ing tembe.”
Salajengipun, para mahasiswa ugi sinau teks Pranatacara panggih, minangka sarana ngasah kaprigelan wonten ing babagan komunikasi lan ngiyataken kapitadosan dhiri. Bab punika boten namung dados tugas kuliah kemawon, nanging saged ugi dados peluang karir ing tembe mburi, amargi boten sedaya tiyang gadhah kaprigelan dados Pranatacara upacara adat kanthi basa lan tata krama ingkang trep.Kegiatan punika dados pengalaman ingkang migunani, awit saged nambah kawruh lan rasa tresna mahasiswa dhateng budaya Jawa, saha nuntun supados para mahasiswa tansah ngugemi nilai-nilai luhur budaya ing jaman modern punika.
Sakderengipun, makna saking irah-irahan “Panggih : Saka Sinau Dadi Laku, Saka Teori Dadi Makna” paring piwulang bilih ilmu sejati punika boten namung kangge dipun hapal, nanging kangge dipun lampahi.Budaya ingkang dipun sinaoni samangke, ing tembe saged dados cermin saking watak lan jati diri para calon pendidik ingkang berbudaya lan andhap asor.
Sinau panggih punika boten namung kagem ngèlingaken dhateng tradisi lawas, nanging ugi dados pangéling bilih ajining dhiri dumunung ana ing laku, dudu namung ing tembung.Saka sinau, kita mangertosi pentinging nguri-uri kabudayan; saka teori, kita manggih makna urip ingkang sejati.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI