Mohon tunggu...
Fajar Abrett
Fajar Abrett Mohon Tunggu... Guru - sinau terus

yen malyu wis ora saguh, mlakua wae, aja mandeg yen rung tekan sing kok tuju

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Aksara Jawa Menika Saestunipun Gadhahanipun Sinten?

17 Agustus 2021   15:05 Diperbarui: 17 Agustus 2021   15:07 783
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bahasa. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Jcstudio

Aksara Jawa Menika Saestunipun Gadhahanipun Sinten?

Radi ewuh ingkang badhe ngrangkani nalika badhe mbabar ganjelan manah menawi ngrembag babagan aksara Jawa. Menawi wonten ing jagadipun pamulangan aksara Jawa kanyatan tasih dipunparingaken wiwit tataran SD dumugi tataran SMA, malahan wonten ing pawiyatan luhur ing prodi sastra Jawa, saged dipunparibasakaken sampun dados sekul jangan ingkang kangge sarapan ing saben dintenipun. Ananging menawi dipun wawasan piwulangan ngengingi aksara Jawa kados-kados kok boten wonten tilasipun. Pados lare utawi mahasiswa ingkang wegig nyerat aksara Jawa, menapa malih ingkang saged maos aksara Jawa menika kadosdene madosi dom wonten ing tumpukan damen. Menawi wonten ingkang prigel nyerat lan wasis maos aksara Jawa inggih namung sekedhik cacahipun. Babagan menika saged kabukten wonten ing pagesangan saben dinten, awis-awis kita prangguli seratan aksara Jawa ingkang ngegla ing papan umum, lajeng lare-lare saged maos kanthi lancar.

Leres pancen samenika wonten ing saperangan papan umum lan ing saperangan margi wonten ing tlatah Surakarta sampun wonten ingkang masang plakat nama ingkang migunakaken kanthi aksara Jawa, ananging menika menapa sami dipunwaos? Menapa sami mangertosi bilih wonten saperangan seratan menika wonten ingkang klentu anggenipun nyerat. Tuladha kemawon seratan ingkang wonten mall, Solo Squer.

Boten dipunselaki bilih inggih tasih wonten piyayi Jawa ing wekdal samenika ingkang wegig nyerat lan maos aksara Jawa. Ingkang asring dolan dhateng Reksapustaka temtu enggal-enggal badhe nyebataken asmanipun mbak Darweni, lan ingkang asring dolan dhateng Radyapustaka temtu ingkang dipunemut mas Totok Yasmiran, piyayi kalih menika pancen saged kangge patuladhan piyayi Jawa ingkang wegig maos lan nyerat aksara Jawa, menika kalawau kangge nyengkuyung ayahan ingkang dipunemban sakaronipun. Dados pegawai ing perpustakaan kalawau, ingkang nyawisaken naskah-naskah kuna ingkang migunakaken aksara Jawa. Tuwuh raos meri nalika nyumurupi negara manca ingkang tasih ngleluri migunakaken aksara tetilaran leluhuripun

 

kangge   kagiyatan sesambetan  kaliyanseratan.   Kados  wonten  ingnegari Thailand, aksara tagalok tasih dipunginakaken dening para warganipun ing pagesangan saben dinten, gampilipun aran toko, peken, lan wonten ing wewangunan sanesipun ugi wonten ing ariwarti menapa dene buku-bukunipun aksara tagalok ketingal gregetipun. Saksanesipun negari Thailand, kita saged nyebataken Korea, Jepang kanthi aksara kanjinipun, Tiongkok, lan India kanthi


devanagarinpun. Ing negari-negari kalawau para warganipun tasih kanthi sengkud anggenipun ngleluri aksara asli tilaran leluhuripun. Anggenipun njunjungadatistiadatbudayapatutdipunparingipangalembana. MenawiwangsuldhatengaksaraJawapiyambak,pancen saged dipunwastani mokal milih wangsul ngrembaka malih kadosdene jaman-jaman kawuri, ananging saeba endahipun bilih generasi Z ingkang melek ing babagan IT sami purun sesasrengan migunakakan aksara Jawa ing pagesangan saben dintenipun. Amargi sampun kathah ingkang mbudidaya supados aksara Jawa saged moncer malih, boten namung lumantar pirembagan ingkang winates,

ananging ugi ngantos wontenipun konggres aksara Jawa, sedaya kalawau ngawujudaken raos tresnanipun dhateng aksara tetilaran leluhur ingkang salebeting wonten wos piwulang luhur ingkang saged dipuncakaken wonten ing pagesangan saben dinten. Menawi piyayi Jawa sampun saestu lan sesarengan anggenipun ngrengkuh aksara bangsa kalawau wau temtukemawon aksara Jawa boten badhe ical kagerus kemajengan jaman lan namung dados pajangan

salebeting museum. Lak mekaten ta?

Kangge para kadang ugi mligi para dwija basa Jawa ingkang tasih setya nggegulang aksara Jawa, wekdhal menika saged enggal cancut tali wanda, media sosial saged dipunginakaken kanthi saestu kangge narik kawigatosan babagan aksara Jawa. Piranthi sesambetan ingkang aran gadget/smartphone,laptop sampun kathah ingkang saged dipuninstal, digitalisasi aksara Jawa sampun wiwit kapireng swantenipun. Aksara Jawa saged ngrembaga malih bilih sedaya pihak sesarengan nggesangaken anggenipun migunakaken aksara Jawa ing saben kagiyatan padinten.

Surakarta,Juli2019

Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun