Mohon tunggu...
Dwi Klarasari
Dwi Klarasari Mohon Tunggu... Administrasi - Write from the heart, edit from the head ~ Stuart Aken

IG: @dwiklara_project | twitter: @dwiklarasari

Selanjutnya

Tutup

Diary Pilihan

Diari, Piye Kabarmu?

21 Februari 2021   23:22 Diperbarui: 21 Februari 2021   23:48 962
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber: Laman resmi Facebook Kemdikbud RI 

Sanadyan ngono ning grup WA keluarga pisan pindo aku nulis basa krama inggil yen pas matur karo budhe utawa bulikku. Ana sepupuku sing gumum kok aku isih isa basa krama.

Aku dewe yo jane mung sak madya basa krama tur akeh sing salah. Ketoke hebat mergane akeh sepupuku sing wis ora isa basa Jawa. Lahir lan suwe ning ibukota dadi luwih sering elu-gue.

Kadang aku eling jaman cilikan yen diutus ibu ngaturke duit arisan kagem bu erte. Kudu nganggo basa krama mlithit. Ibu sing ngajari. Aku komat kamit sak dalan-dalan ngapalke. Ben ora lali. Malah komat-kamite sampek ngarep lawang omahe bu erte.

Nanging, sakwise dibukakne lawang malah ambyar. Lali kabeh! Akhire yo sakelingku wae.

"Sugeng sonten Bu Erte, dalem dipun utus ibu ngaturaken yatra kagem arisan. Dipun utus nyuwun tanda terima.... "

Wis mbuh kuwi krama opo dudu! Hahaha.

Aku iku sejatine yo seneng nulis nganggo aksara Jawa Hanacaraka. Jaman SD biyen, yen aku entuk pamer tulisanku nganggo huruf jawa lumayan apik, Di. Nanging iku biyeeen, saiki yo wis rada lali tur grothal-grathul. Opo maneh bab pasangan kaya taling tarung, lan kanca-kancane. Iki ya tak tuliske. Anggep wae kanggo nglemeske driji.

dokpri
dokpri

Yen ana wektu kapan-kapan sinau maneh yuk, Di!

Yo wis Di, iki mau aku yo mung arep crita sak madya. Sepurane yen mung ngalor ngidul ora jelas. Anggep wae obrolanne awake dewe dina iki dadi pangeling-eling yen lestarine basa ibu kuwi penting. Uga isa kanggo tamba kangen marang sibu, ibu, simbok, mamak, mama, emak, lan liya-liyane.

Yen ora ana sing nuturke suwe-suwe basa ibu iki bakal ilang karepe dewe. Basa Indonesiane musnah utawa punah! Eman, to? (Kalau tidak ada yang menuturkan, lama kelamaan bahasa daerah itu akan hilang dengan sendirinya. Musnah, punah! Sayang, kan?)

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Diary Selengkapnya
Lihat Diary Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun