Mohon tunggu...
jo ko no ke ne
jo ko no ke ne Mohon Tunggu... -

Wong bodho kalah dening wong pinter;\r\nWong pinter kalah dening wong beja;\r\nWong beja luwih dening beja yen eling lan waspada.

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Ganteng Maksimal

16 September 2015   19:31 Diperbarui: 16 September 2015   19:36 62
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

Pancen, menawa dakgatekake ing kaca pangilon, aku dhewe rumangsa luwih nyaman menawa duwe rambut sing rada dawa. Wis jan, pokoke kaya artis-artis Koreah kae lho, sing lagi digandrungi para kanoman jaman saiki. Nanging, iku mung pangrumangsaku, lho!

Jebule, bojoku duwe panemu dhewe. Rupaku jarene katon ora rapih, rada semrawut, lan ora pati keurus. Wadhuh, lha kok tekan samono kawigatene bojoku? Saben mulih tilik omah, bojoku kaya padatan ngelingake, "Say, mbok ya potong rambut!". Banjur aku mangsuli sakkenane, "Ya, Cint. Sesuk ya!", ngono alesanku sing paling thokcher. Lha nanging, menawa saben minggu dielingake kaya mangkono, kuping iki rasane dadi sansaya gatel.

Bareng wis ora kuwawa ngrungokake pasambate bojoku, pungkasane aku ngalah: kudu cukur rambut!
Niat ingsun menawa bali nyambut gawe menyang Jakarta, aku kudu menyang Barbir.

Niatku pranyata kelakon temenan. Bareng wis neng Jakarta, bubar ngantor, aku mbablas menyang tukang cukur. Tekan panggonane, pranyata akeh sing padha arep cukuran, gedhe-cilik, tuwa-enom padha lungguhan nunggu gilirane. Aku ya kepeksa ngantri sinambi uthak-athik hape, ndeleng kabar lan pesen ing media sosial. Kadangkala malah sok ngguyu dhewe menawa mbukak es-emes WA sing lucu-lucu, apamaneh asring ana sing rada "nyrempet-nyrempet" kaya ngana kae.

Eh, jebul wis tekan giliranku dicukur, banjur diceluk lan ditakoni dening tukang cukure, "Model yang bagaimana, mas?". Aku sakjane rada isin, arep mangsuli sing kaya model Koreah, kok ya rada ora nyambung karo umur lan uga rupaku. Pungkasane aku mung bisa mangsuli, "Dirapikan saja, mas!".

Hewes-hewes, kres-kres, cetrek-cetrek, buzz-buzz, cekrik-cekrik, critane dicukur. Bareng wis rampung, aku lapor marang bojoku, sajak rada kemaki minangka tandha yen wis kelakon nuruti panjaluke.

Tumuli, gambarku dakkirimake marang bojoku nganggo piranti WA. "Piye, Say, tambah gantheng, ta, bojomu?", pitakonku karo rumangsa mongkog ing ati. Dumadakan, bojoku mangsuli pitakonku beda karo sing dakkarepake, mangkene, "Ora kok, Cint!" Lha dalah, kok tembunge kaya mangkono, pikirku.
Aku banjur 'klarifikasi' maneh, "Lha kok bisa, Say?". Bojoku nanggepi pitakonku,"Ngganthengmu wis maksimal kok, Say, ora usah ditambahi maneh!" Cless rasaning atiku. Bojoku iki pancen nggemesake tenan, kok. Wiissss, jan, ndang kepingin njiwit. Nanging njiwit sayang, kaya wong sing lagi yang-yangan ngono kae.

Eh, mengko dhisik. Gantheng maksimal? Tenanan ora iki? Pangudarasaku nganti wektu iki.

Bintaro2015, ing mangsa bediding

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun