LayanganÂ
   Ing sawijining desa cilik ing pinggir sawah, ana bocah jenenge Diaz. Dheweke seneng banget dolanan layangan. Saben sore, Diaz lan kanca-kancane mlayu menyang sawah, nggawa layangan sing digawe saka Plastik lan bambu cilik. Layangan-layangan kuwi mabur dhuwur, nari-nari ing angin.
   Nanging Diaz kue bocah sing demen tantangan tuku tamabang sing dawa,lan Gedhe dadi deweke kue ngeburaken layangan sing gedhe sing duwure pol trus dipanjer neng tengah sawah.
   Dina iku, Diaz tekan sawah lan maburake layangan sing gedhe kui . Layangane pancen gedhe lan kuwat, mabur luwih dhuwur tinimbang layangan kanca-kancane. Nanging, angin sore iku banter banget. Diaz ora bisa ngendhaleni layangane, tali layangane putus, lan layangan mau mabur adoh, ilang saka pandelengan.
   Diaz sedhih banget. Kanca-kancane nyoba nglipur, nanging atine tetep susah. Esuke, Diaz golek layangane ing pategalan lan pinggir kali, nanging ora ketemu. Tekan omah, bapake ngomong, "Diaz, sing penting dudu layangane, nanging kepiye dolanmu iso nggawa rasa seneng."
   Saka kedadian iku, Diaz ngerti menawa seneng-seneng ora kudu nganggo barang sing paling apik utawa paling larang. Wiwit kuwi, dheweke bali dolanan layangan biasa karo kanca-kancane tanpa ngoyo. Dheweke luwih ngerti arti persahabatan lan rasa syukur marang apa sing wis diduweni.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI